***
Hendro cilik lagi dolan neng kebon. Ibune masak neng dapur. Ujug2 Hendro nggembor, "Buu!! Ibuu!! Kaeh jago-ne lagi ngituli babon..!!"
Ibune Hendro kaget pisan, Hendro langsung ditimbali dingendikani, "Ndroo, ora pareng ngomong kaya kuwe yaa. Diganti baen ngomonge. Jagone NGAGETI babon. Kaya kuwee .."
Hendro manut. Terus dolan maring kebon maning. Ora let suwe si Hendro nggembor, "Buu!! Ibuu!! Jago-ne NGAGETI kabeh babon2, Buu !!!"
Ibune Hendro ngelus dada, "Gyeh, Ndro, ya ora mungkin yaa, jago-ne NGAGETI kabeh babon bareng2.."
"Iya kae Buu, temenan!! Kabeh babon pada KAGET!! Jago-ne ngituli kucing!"
***
PAUD Sekar Bangsa jere apik. Wong2 crita, bocah sing sekolah kono pada pinter2. Dadi mandeg gole ngompol lan ngobroke. Ngerti aya kuwe mulane Nabila (4) delebokna ngkono neng mamake. Olih sepuluh dina pas bali sekolah Nabila detakoni mbaeh. "Bila, seneng sekolah PAUD?"
Nabila semaur, "Ya seneng, Mbah.".
"Mau dewaraih apa jajal?" Mbaeh takon maning.
"Dewalaih ngeden." Jere Nabila.
Mbaeh ora paham. "Ngeden? Deneng ngeden?"
Nabila nerangna, "Iyah, minggu siki ngeden. Minggu ngalep dewalaih ngising. Minggu ngalepe maning dewalaih cewok-e."
*** follow @JikinF ***
Endro cilik jan emoh2 temenan nek degandeng eyang putrine. Pas ibu takon, "Ndroo, kenapa siy deneng emoh tuntunan kambi eyang?"
"Bebeh laa, Bu.. Eyang mambu pisan siiy.."
Ibune Endro mandan ora ngandel terus nyelidiki, critane. Eyang depedeki terus deingus-ingus. Oh bener loh, nggon bagian ngisor pancen mambune ora umum.
"Yaang," ibune Endro takon, "nuwun sewu kados ngandape njenengan radi mambet napa nggih?"
"Iya tela koh, aku wis paham kuwee. Anu srepet jalarane.."
"Srepet? Lho? Napa srepet mambet, Yang?"
"Udu srepete sing mambu. Tapi kiye pundakku wis lawas gole srepet dadi ya aku ora tau cewok
*** follow @JikinF ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar