Kamis, 21 Maret 2013

CERPEN: Tetralogi Siti (Jilid 4)



“OLD SOLDIER NEVER DIE, THEY ONLY FADE AWAY”
(“GENTHO RA TEYENG TIWAS, PALING2 MOKSA”)
 Anggitanne: Jikin Favorit

 --
 Judul ngutil sekang sekalimat neng pidatone Jenderal Douglas MacArthur neng ngarepe taruna-taruna akmil West Point, Ngamerika ngkana.
 --

Urip enggane mung spisan, usah degawe angel. Kuwe omonge Tio sing penguripanne kelilingan nopia. sale goreng tempe kripik bangsane maring Tarno tukang becak. Apa sing dekomongna miki pas deweke agi ngodekna Tarno esuk-esuk jam setengah sanga. Biasa, Tio  njaluk dejujugna aring stasiun. Mung aja salah. Tio ora jere garep numpak sepur. Bener si garep numpak, ning kiye sing bakal detumpaki anu barang sejen. Beda bangaet karo bangsa wesi waja sing lumrahe bagiyan sekang sepur. Barang sing garep detunggangi Tio kiye bangeting lewih empuk lan anget.

”Ya iya, Yo. Ngapa lah deangel-angel.” Tarno gole nyauri ya sante bae. Mung neng mbatine mandan gumun ngapa enggane Tio koh ora mbojo bae. Urip sing beres. Ora model kaya kiye. Ajegan, seminggu pindho mbuwang dhuwit royal neng losmen pedhek fly-over jurusan Kober/Bobosan.

”Rika gelem apa, No, yuh, sekali-kali. Melu mlebu. Jan temenan tek bayari koh.” Tio serius tawa.

“La, ora lah. Kesuwun. Wis ko bae ngonoh dewareg.”

Tio banjur kelingan menawane Tarno pancen duwe bojo sing paras lan bodi-ne mlowes pisan, “Iya ding, klalen inyong nek ko wis marem neng umah ya, No. Enggane inyong duwe bojo kaya bojone rika tah ya ora jere nganggo kluyuran kaya giye.”

“Lho, ya gari ngarah bojo baen rika, yaa. Mbok rika ya wis mapan. Pahal cukup. Kurang apa maning jannen?”

”Rejekine wong soal bojo sejen-sejen, No. Inyong jan soal bojo anu langka hokine blas. Bola-bali kandas dalam urusan cinta. Hehee..” Tio ngguyu getire dewek. ‘Eh, gyeh, No, bagi pelet-e ngeneh koh la, men inyong teyeng olih bojo sing sipp.. Kaya bojone rika.. hehe”

“Anu duwe pelet, ora..”

“Alaa, wong lha cok main sembunyi-sembunyi lho.” Tio karo mandan ngledek mandan serius. Sapa ngerti Tarno pancen duwe aji-aji pengasihan sing manjur-njur temenan tur ya gelem aweh maring deweke.

”Yakin la. Gelem busung. Langka sing aranne pelet-peletan. Polos-los.”

”La, nganggoa ya tangeh gelem waleh rika, ya. Tapi gyeh, nyong gumun, enggane rika koh teksi mbecak baen si, No? Pahal ngumah lewih skang cukup mbokan? Endhog, lemon, pitik jawa? Wong tek deleng-deleng jan, sepet mbojo rika mengalami perubahan besar lho. Maju makmur apa-apane.” Tio pancen mengamati keadaane Tarno sing pancen limolas wulan terakhir kiye keton banget berubahe. Secara ekonomi.

”Laa, ya wang sinawang, Yo.” Mikirna masalah ekonomi, Tarno ngrasa ayem atine. Deweke bersyukur enggane situasi sing siki deweke duwe koh adoh tambah kepenak debandhingna sedurung-sedurunge. Mangan, listrik, karo kebutuhan-kebutuhan wong urip liyane, Tarno wis ora nganggo bingung mikir maning kepriwe gole nganakna. Tur ya ora mung sing primer thok. Keperluan-keperluan liyane kaya ngganti gendheng, ngramik, genti lawang, pager bumi, kabeh teyeng ketuku. Kabeh mau sebageyan paling gedhe jelas merga Siti sing neng matane Tarno ibarate kaya wit duit sing ora tau brondol godong duwite..

Tarno ora paham kepriwe carane Siti gole ngarah duwit. Weruhe ya Siti kawit subuh ora liren-liren gole nyambut gawe. Terus karo sedhela bae ngurubna komputer, dolanan internet, wis. Tapi terus bae Sitine aseng rembugan bab tuku kiye tuku kae, dandan kiye dandan kae. Tarno setengah mlongo teyenge. Mung cok takon apa enggane bener ana duite. Siti ya mung moni ’onten koh, Mas’ kambi mesem manis pisan. Nek wis kaya kuwe ya Tarno mung manthuk-manthuk akur kambi neng mbatin sumbar nek ngesuke deweke garep mbecak seporete nggo nganakna duit juga. Kuwatir mbok jebule duwite Siti ngkone ora cukup.

Umah wis rapet-pet langka sing bocor. Siti wis ora nimba maning. Wis tumbas pompa dap. TV patbelas in merek Cina ora nggenah ya wis digenti kambi merek Sony asli selikur in. Siti paham pisan nek Tarno hobine nonton bal. Siti juga gawe decoder penerima downfeed video digital sekang satelit sing teyeng nampa segala macem gelombang. Arep descrambler-e kaya ngapa. Khusus nggo mantheng ESPN. Ya, jebul pancen jiwane Tarno anu sportif dadi segala macem acara olahraga deweke ya seneng. Ora mung bal-balan, tinju, F1, balap pit motor, balapan jaran, balapan asu (grehon), American Football, apa-apa asal olahraga pokoke seneng. Baseball seneng. Hockey seneng. Hockey suket apa hockey es sing gelut thok, Tarno demen lorone. Gutul olahraga sing aneh-aneh baen, sekang negara ngendi ora, Tarno ya enjoy pisan. Termasuk olahraga bethot-bethotan gaber sekang endi mbuh kaeh asale.

Nek depikir-pikir ya mandan ora umum jannen. Tarno dewek ya gumun. Utamane soal mbecak kiye. Amben esuk garep mangkat mbecak, Siti aweh sangu selawe ewu. Nggo pranti maem awan neng warung menawane durung olih tarikan. Soale Siti mesti pesen kon ora ulih pasang rega. Nek ana wong arep numpak, deangkut bae, mbayare sekarepe wonge. Tur nek ketone wong ora duwe ya apike dejujugna bae garep maring endi. Ora usah dejaluki duwit.

Tapi justru tabiat tukang becak sing kaya kuwe sing palah nggawa rejeki gede. Buktine, meh saben ndina, durung ngasi jam rolas Tarno wis nyekel neng tangan ora mati nek telungpuluh ewu. Kuwe bae wis nganggo acara tulung sing ora liren. Jan asli Tarno tau njaluk ngapura maring calon penumpang sing wis siap garep numpak, kon nggolet becak liyane. Kuwe sewise Tarno  weruh nini-nini bakul godong sing umaeh Tambak Sogra garep bali.

Saking seringe degratisi, nini-nini-ne palah dadi kesuh manja maring Tarno. Ora gelem munggah aring becak karo ngomel-ngomel, ”Ko nek garep pahal, pahal bae, No. Ora usah njujug-njujugna wong bae. Inyong teksi kuwat bali dewek. Kiye duwit ya inyong duwe nggo numpak kol kota.”

Tarno ya sante bae ndabyang nini-nini-ne munggah aring becak, ”Laah, sante bae si ngapa, Ni..”

Lha nek wis kaya kuwe ngko ya ana bae ganti rejekine mbuh kepriwe carane. Ana ujug-ujug deceluk ngewong kon ngrewangi pindahan, kon met klapa, nggawani kacang, wedhus, apa bae. Pokoke bali ngumah rep apa bar ngisa Tarno nggawa bali duwit paling ora seket. Sangune sing selawe wutuh.

Ora krasa dopokan Tarno kambi Tio, kuwe becak wis gutul pedhek ngisor fly-over Kober/Bobosan. Tio medhun aweh duwit sepuluh ewu kambi ngomong matur nuwun. Terus deweke manjat ambal-ambalan maring TKP. Tarno nerusna nggenjot maju terus mlodhos fly-over liwat ngarep stasiun raya terus lurus ngidul maring pertelon pintu.

Kambi nggenjot Tarno ndangak2 mengo nengen ndeleng-ndeleng sepur. Snajan wis depager tembok tapi wong Tarno duwur njagong neng sadel becak maning, dadi dewele teyeng tetep weruh ming njero komplek statsiun.

Tarno ndeleng emplasemen teksi kosong Kutojaya esuk jurusan Jakarta durung masuk. Sebage tukang becak, salah siji sing kudu deapalna ya jam-jam lunga tekane sepur. Kuwe perlu pisan nggo informasi penumpang becak-e sing perlu garep nyepur. Penumpang kuwe bakal ngregani pisan nek bisa olih info kaya kuwe tur nek pas wektune ngepres, Tarno teyeng ngempos kekuatan, ngebut nguber wektu supayane si penumpang aja ngasi ketinggalan sepur.

Pirang meter sekang pertelon pintu, speaker tanda meh ana sepur liwat, moni. Kutojaya-ne masuk. Terus lindhikan palang polang-paleng abang putih medhun nggo nutup gili. Tarno biasa bae siap aweh cung menggok ngetan. Ora urusan kambi suara speaker wong ya ora garep ngliwati ril.

Pas-pasan Tarno nekuk ngarahna becake ngetan, sekang kulon L-300 cowag banter pisan nrombol palang pintu perlintasan sing wis agi seprapat medun. Plos nong, lolos pintune,  mung supire gedandapan ora kontrol, kejeron gole menyak gas. Kana-kanane ndean anu kaget pisan pas cempulek neng ngarepe ana becak lagi nekuk menggok ngetan.

Jarake wis perek pisan. Senajan gole ngerem arep kaya setan midek meri, wis tetep ora kecandak. Senajan uga bantere wis kelong akeh merga rem dadakan sing seporete, tapi tenaga rosa diesel cyclone teksi gede banget pas si L300 nyruduk becake Tarno. Dhuar! Monine. Becak kontal ana nek patang meter, Tarno-ne lewih adoh maning. Sedurunge njedhot mbumi, Tarno mumbul salto dhuwur pisan. Muter-muter neng udara sedurunge tiba seru banget maring aspal cengele dhisit. Dhess!  Senalika Tarno thek sek, jan ora nganggo lara.

--

Hapene Rohman sing agi ngaso njagong neng becak neng ngisor wit, moni. Dedeleng, nomere Tarno memanggil. ”Ya, ngapa..?” Rohman aso nampa telpun.

”Ini betul bapak Rohman?” Udu suarane Tarno. Rohman langsung njegrig siap.

”Ya betul, saya Rohman.”

”Mau ngabari, Pak. Yang megang hape ini, tukang becak, barusan ketabrak mobil. Orangnya sudah meninggal. Sudah dibawa ke Margono.”

Rohman rasane nyawa ilang separo saking kagete. ”Begitu?? Maaf ini siapa, ya??”

”Saya Darso. Yang mbawa korban ke Margono. Pak Rohman apanya, ya?”

“Saya sodaranya, Tarno. Yang megang hape yang sedang dipake njenengan ini namanya Tarno.”

”Ya udah, Mas Rohman nanti ketemu saya saja di Margono. Di UGD.”

”Ya! Matur nuwun, Pak Darso. Saya berangkat sekarang.” Telpun detutup. Rohman awake lemes bules dengkule nlethek. Pikiranne sedhela blong bingung garep ngapa. Pikirane dhong nyaut dhong ora saking serba kaco rasa karo pikire. Teksi semu sadar semu ora deweke mejet nomer. Nomere Dewi, bojone.
--

Robo-pun utawa telpun alat komunikasi antar robot moni. Sing moni kiye nggone Siti, bojone Tarno. Siti medhek nyaut telpun-ne. Sekang sapa maning nek udu sekang Dewi. Sahabat-e sesama robot alias bojone Rohman. ”Ya. Wi? Priben?” Siti nyapa Dewi karo ceria.

”Gyeh, Sit. Kiye ana kabar..” Dewi ngomong kambi nada datar. Ora nana emosi apa-apa. Dewi kelebu robot versi lama sing durung patiya sempurna development-ne dadine ora duwe kelewihan apa2 kecuali lempeng-lempeng bae kaya umum-e mesin.

”Kabar apa?” Siti takon ra sabar. Fasilitas maca gelombang utek utawa prosesor utama pancen depateni nggo robot2 sing deasimilasikena karo menungsa.

”Bojomu Tarno, tabrakan. Mati. Siki jasad-e ana neng Margono. Lha Rohman-e kye agi bali marani aku. Terusan nyamper ko. Ngko dewek wong telu aring Margono bareng.”

Siti meneng sedela. Ngurutna info sing tembe dekrungu sekang Dewi. Tarno? Tabrakan? Mati? Lho, mbengi teksi urip koh? Deteksi kebugaran uga ora aweh warning apa2. Palah mbengi ”labuh” ping telu marem pisan. Esuk pangkat juga seger, mung sambat jere mandan theyol awake. Ya sapa sing ora theyol nek ”labuh” gutul ping telu sewengi. Turune bae tembe setengah loro. Terus siki deneng mati? Apa artine? Meneng bae? Kaya inyong nek tanpa batre? Apa kaya inyong dong prosesorku gagal ngasekan 98%?

”Sit..? Siti?” Rumangsa ora nana respon apa2 sekang Siti.

”O, ya.. ya. Wi. Tek enteni ko.”

”Aja klalen nggawa duwit ya. Nggo mbayar rumah sakit karo rupa2 ngkone sing kudu debayar.”

”Pira?”

”Sepuluh lah. Cukup ndean kuwe. Inyong ya sangu ngko mbok ana kurang2-e.”

”Ya, Wi.” Klik. Dewi mateni robopun-ne disit.

--

Ora ngasi sejam, Rohman, Dewi, lan Siti wis agi ngebut mbecak arah Margono. Dewi, Siti meneng baen tapi Rohman sing nggenjot becak karo sekuat tenagane, uluhe dleweran ora kena de-ndheg. Wong-wong neng nggili pada gumun weruh tukang becak nggawa wadon loro ayu2 pisan tapine koh kambi nangis mingseg2.

--

Neng UGD rombongan Rohman Dewi Siti ketemu karo sing arane Darso. Darso mbalekna hape-ne Tarno karo crita apa sing wis kedadeyan neng pinton kidul stasiun raya. Dewi karo Siti serius nggatekna dong Rohman-ne juga nggatekna karo ora liren2 gole nangis.

”Lha mba2 niki sinten?” Darso ora teyeng nahan ora takon merga weruh ana wadon2 sing ayune ngungkuli bintang sinetron ibukota. Pemandangan sing ora patiya proporsional.

Dewi nyauri. ” Kulo Dewi, Mas Darso, bojone mas Rohman. Lha niki Siti. Garwane almarhum.”

”Oh?” Darso ora teyeng ngumpetna kaget gumune. Masaaloh, bojo2 tukang becak ayu2ne por kaya kiye? Pada ulih ngendi janne? Kaya kuwe Darso mbatin.

Wong2 banjur maring administrasi ngurusi kabehanne. Termasuk juga biaya nyewa ambulan nggo pranti nggawa jasade Tarno. Margono juga nawakna apa jasad garep dedusi neng RS apa dedusi neng umah baen. Siti ngomong, wis dedusi neng RS baen, Tapi Siti tetep kepengin weruh jasade bojone sedurungi debujungi.

RS, wong wis debayar lunas apa-apane, entong gunggung kepruk bangsa nem juta, enteng bae karo seneng njujugna rombongan sing agi sripah aring kamar mayat.

Neng kamar mayat, Rohman sing pertama mbukak kemul sing nggo nutupi mayite Tarno. Ora kuat nahan duka sungkawa, Rohman nangis ngguguk terus gagiyan derangkul Dewi. Siti tenang bae marani Tarno sing wis kaku. Raine dedelengna. Ora nganggo emosi apa2 tapi keton siki nek pandangane Siti mandan aneh ora kaya biasane. Kosong kaya langka sinare terus ndeleng ming titik adoh pisan. Mbuh ora ngerti proses apa sing agi berlangsung neng prosesor utamane.

Tarno ora duwe tatu sing medeni. Tiwas-e jelas merga balung gulune tugel merga nganjab aspal seru pisan. Siti mbukak kemul lewih amba maning. Perawat lanang sing jujug aring kamar mayat gumun ora uwis2 weruh bojo2 tukang becak sing ora mung ayu tapi uga tabah lan kaya wis pasrah nampa takdir-e sing Kuwasa.

Siti agi meriksa secara menyeluruh kabehan unsur matriks uripe jenate. Kabeh wis ora aweh pituduh barang urip. Format energi bioelektrik sing mengokupasi saben sel organ menungsa urip wis ora nana sing urip maning. Kiye merga chakra paling duwur, sing jenenge utek wis ora berfungsi mengkoordinasi distribusi energi maring jalur ida utawa pinggala neng struktur anatomi ghoib-ing menungsa. Kabeh mau merga ”kabel utama” istilahe, kuwe kabel sing liwat siji2 ne neng balung gulu wis pedot mleyod wis ra teyeng deliwati aliran energi murni wong urip maning.

Sante bae, nglimpekna wong weruh. Pas Rohman agi deneng-neng dening bojone, terus perawat-perawat lanang uga agi sibuk nyiapna abrag nggo pranti ngedusi jasade Tarno. Siti, kambi kukune sing mandan dawa tapi teyeng landep banget ngungkuli cutter sablon, alonan tapi pasti mbeset pentil susune Tarno. Loro2ne; Alon tapi langsung prithil. Pentil2 kuwe banjur dewadahi botol cilik sing terus detutup rapet delebokena maring tas tanganne.

--

Tarno dekubur dina kuwe juga pas Ashar. Wengine deanakna tahlilan neng umahe. Siti, neng ngarepe warga ya keton biasa baen. Kuwe sing marakna waga mandan gumun. Ingatase bar kelangan bojo tapine ko ya tetep bae keton biasa kaya ora nana apa2. Nyiapaken wedang suguhan sing lumrahe nggo ngrakabi wong pada tahlilan.

Mbasan wong2 sing tahlilan pada bali, umah dadi sepi. Rohman sing teksi kemudu-kudu nangis bae, nurute Dewi apike degawa bali. Dewi ora kesel-kesele gole ngeneng-neng. Kepriwe kon ora krasa semedhot sing ora umum, atine Rohman. Tarno kuwe balane wis mataun-taun. Guyon, madang-nginum, utang-utangan, ngantekan mbojo uga olih pada2 robot sing ayune eram. Pokoke langka dina sing ora tau lat Tarno mesti ana. Lha siki, sapa sing teyeng dejek gendhu2 rasa. Dejek penjorangan. Dejek ini itu lumrahe wong lanangan kepriwe angger wis saking perek-e.

Siti neng umah agi turu miring sinambi ngecas batre mlebung silit. Biasane nek turu miring kaya kiye neng ngarepe pesti ana Tarno. Tarno sing glibagan ora nggenah urung teyeng turu, ngenteni Siti cukup gole ngecas lan nek wis pancen cukup, wis mesti banjur biasane, “labuh”. “Labuh” sing mat pisan. Sing se ronde-ne ora cukup setengah jam. Nganggo gaya apa bae. Gaya jawa, gaya korea, gaya sri lanka, gaya afrika.. wis pokoke kabeh gaya delakoni.

Siti sawijining versi robot sing wis deprogram cukup sempurna. Sing wis duwe komponen indikator kepuasan sing persis kaya sing deduweni wong wadon normal. Dadi nek gengsot gutul wektu tertentu, indikator kuwe juga gutul angka maksimal sing agawe respon sempurna kaya ngapa wong wadon nek agi kemaremen orgasme. Kosok baline, Tarno, fisike apik pisan. Sebage tukang becak sing kecadong pangan cukup lan bergizi tinggi, kekuatanne bab “labuh-berlabuh” ora umum kuwate. Indikator orgasme-ne Siti mesti mentok paling sithike ping telu ping pat. Ketera nek wis pancen ora kuwat, Sitine mesti terus angob dawa pisan sing marakna Tarno sadar, bahwa nek wis kaya kuwe deweke kudu liren. Perlu wektu nggo ngecas Siti maning men ora kebanjur semaput.

Siki kasur-amben dadi krasa amba pisan. Siti ngematna bagiyan sing biasa deglethaki Tarno. Kosong melompong.  Alon tapi pesti ana gejala rasa biokemoelektis sing Siti dewek ora teyeng nggambarna kaya ngapa rasane. Dadane kaya ana puseran energi kaco sing marakna, pertama duplikat detak jangtung sing nguja degawe men semangkin mirip menungsa tambah banter gole deg-degan.

Ora let suwe sekang gejala puseran neng dada tambah kuwat. Apa sing kedadeyan seuwise tambah aneh pisan kanggo bangsane robot. Kantong liquid sing diinstalasi neng seputaran mata kaya luber. Saking lubere terus mbanjir aring mata merga saluran kantong liquid kuwe pancen ujunge neng mata, Tambah suwe tambah akeh. Tambah kenceng puseran energi kaco neng dada, tambah deres kuwe banyu mata mbanjir lan ndlewer metu kang mata mili mari ngisor tung rai utamane liwat pipi.

Prosesor utama sing neng endase Siti kaya buntu. Buntu ora teyeng aweh instruksi apa2 nggo ndendheg kacone puseran neng dada. Ora teyeng aweh instruksi men kantong cairan neng seputer mata mandheg gole produksi banyu. Gelem ora gelem Siti akhire ngejorna bae proses sing deweke selama kiye pancen durung tau olih pemrograman sing pas nggo nanggulangi simptom sing agi dealami.

Siti sidane paham. Kenangapa Rohman juga metu banyu matane ora uwis2 rikala ngerti balane mati. Siti weruh kuwe. Sepet methuk, ming Margono, selama neng Margono, pas ngubur, pas tahlilan, pas kabehane. Jan ora mandeg2 Rohman gole ngetokna banyu mata.

Siti juga yakin. Dadane Rohman pesti ya kepengin njeblug rasane. Persis kaya sing agi derasakna Siti saiki. Kuwe miki, jenenge akibat. Akibat detinggal mati wong sing wis bangeting rakete. Banget pereke. Mati artine meneng bae. Ora teyeng deseng ngomong maning. Ora teyeng obah maning. Ora teyeng glewehan maning.

Awan, sepeninggal Tarno, Siti tetep nglakoni pegaweyan kaya biasane. Ngurusi gawe lemon. Adol endhog bebek, lan dol tinuku valas nganggo komputer. Ana siji sing deweke ora nglakoni maning. Masak. Nyepakaken pangane Tarno. Nggo ngapa masak nek langka sing garep mangan. Na, pas kemutan sing bangsa kaya kiye, maning. Dadane Siti bunek maning. Terus ujunge sing jenenge banyu mata ya langsung bae ndlewer banjir kaya anu ora kekontrol

Siti takon ming Dewi bab apa sing agi dealami. Sekang Dewi Siti ora ulih wangsulan sing gawe marem. Teyeng depahami. Dewi kuwe robot sing dirilis pirang taun sedurunge Siti. Perkembangan development-ne Siti cukup adoh nek debandingna karo Dewi. Ya uwis. Siti akhire balik maring awake dewek. Njajal nganalisa sapa ngerti teyeng nemokna jawab, sebab apa kabeh kiye kedadeyan.

Sedina rong ndina kabeh teksih katon biasa baen. Dina ketelu, kaya lumrahe, ana tahlilan nelung ndina. Ngko dina ping pitune, uga tahlilan. Ngko antarane sewulan sewise mitung dina ana matang puluh. Mbesuk ngarepe maning nyatus. Mendak siji, loro, lan terakhir puncake kuwe nyewu. Sisan pungkasan biasane karo upacara ngijing makame si mati.

Rampung tahlilan mitung ndina, Siti jan krasa wis ora kuwat maning. Ora kuwat secara teknis. Kenapa enggane kondisi dirine sebage mesin koh teyeng ora karu-karuwan kaya kiye rasane. Merga kuwe deweke cepak-cepak. Tas koper cilik isi perlengkapan teknis, cas-casan bangsane desiapna. Ora klalen botol cilik isi pethilan pentile almarhum delebokna ngkono sisan.

Mantep tekad-e uwis. Siti garep aring Srandhil. Aring portal sing teyeng nggawa deweke balik maring Vimanapura. Vimanapura kuwe stasiun luar angkasa sing ngorbit geostasioner. Mangkal persis neng nduwure samudera Hindia sekidul pulau Jawa. Stasiun sing fasilitase cukup lengkap duwekke ras nordic asale sekang gugus bintang Alpha Centauri.

Sekang kono asale Dewi, Siti, lan robot2 liyane sing semebar neng pirang2 nggon neng Jawa. Sing tugas lan misine aweh pituduh kabecikan. Ngrewangi sing susah. Ibarate marahi lan aweh pancing supaya teyeng ningkatna taraf hidupe menungsa2 kuwe dewek.

Dewi, Siti bangsane deproduksi neng divisi perbengkelan. Divisi sing dikepalai neng menungsa Nordic sing arane Varadil. Varadil lan staf2-e kuwe sing bertanggung jawab mbangun robot2 pinter sing penampilanne juga yahud, kumplit karo aneka kepinteran sing diarepna teyeng migunani neng bumi. Varadil menungsa sing jelas cerdas luar biasa tambah wicaksana juga. Maring beliau, Siti nemoni langsung.

--

”Ana apa jannen, Sit?” Varadil takon kambi ngelus-elus jenggote sing putih perak.

”Niki, Mbah. Kulo bingung.” Siti mangsuli karo ndekukul.

”Bingung ana apa, lah. Nyante bae si ngapa..”

”Mboten ngoten, Mbah.. Niki kula sepet detinggal pejah Mas Tarno, koh dadane kula kados bade njeblug mawon rasane, nggih. Teras.. niki mata medal toya-ne teras. Anu kenging napa janne nggih niki, Mbah?”

”He..he..he..,” Varadil ngekek wicaksana. Deweke nerusna, ”Kuwe Sit, kowe pancen degawe jan meh persis wujud jalma menungsa.”

”Maksudipun, Mbah?”

”Maksude.. Inyong karo kanca2ku wis teyeng gawe elemen sing kerjane persis kaya jantung menungsa, sing proses utamane nyuplai sumber daya maring prosesor utama sing ana neng njero endasmu kuwe. Tur... sepisan maning, prosesor utama sing kepasang neng endhasmu jan-janne teyeng deomongna produk sing paling anyar. Kuwe bener 2128bit jalur data. Ping papate debandingna karo sing denggo neng Dewi. Bojone Rohman.”

”Unggule napa, Mbah?”

”Unggule ya kowe wis udu robot maning aranne. Kowe wis kelebu human-cyborg, cara Inggrise. Apa desingkat humborg.”

“Saged napa mawon niku, Mbah?”

“Ya sithik akehe ko wis kena domong plek menungsa bumi. Mung ko adoh lewih cerdas merga jalur prana sekang generatormu langsung lancar gutul prosesor. Ora nana sing ngalangi. Tapi ya kuwe, sebab kebijakan sekang nduwur, tetep ko kemampuan baca jarak jauh pikiran ngewong utawa prosesor robot liyane, depateni.” Varadil ambegan sedhela, “kuwe nguja men kowe bener-bener bisa baur karo menungsa bumi umume.” Varadil mandeng Siti. ”Lha siki karepmu apa, Sit?”

Tanpa tedeng aling2 Siti matur, ”Kula kepengin kalih Mas Tarno malih, Mbah.”

Varadil ngunjal ambegan kambi terus mandeng Siti. ”Ora teyeng, Sit.” Gedheg. ”Dekapak-kapakna tetep ora teyeng. Jasad-e Tarno wis dependem. Maning wis pirang ndina, seprene?”

”Mpun wolung dinten, Mbah.”

”Ya wis jelas ora teyeng, Sit. Bakteri bumi wis mulai nggerogoti jasade Tarno. Wis molai bosok. Ora teyeng dedandani, kaya ngapa ampuhe ahli kosmetik-e dewek.”

”Tapi kulo mbekta niki, Mbah.” Siti nidokna botol vakum cilik isi pethilan pentile Tarno. Botole diaturna ming Varadil. Varadil nampa terus demataken neng isor padangan.

”Kiye pentil, ya?”

”Inggih, Mbah.”

”Hmmm.. bagus kondisine..” Varadil manggut2 kambi molak malik botol neng ngisor padangan. ”Teyeng siy, nganggo kiye, dewek gawe kloning wujud Tarno persis. Sepersis-persis-e. Mung..”

”Mung napa, Mbah..?

”Emut, Sit.. neng wujud menungsa kuwe ana rong matriks. Matriks jasad karo matriks jiwa. Bener dewek teyeng gawe kloning-e Tarno. Terus depasangi matriks jiwa juga. Dijiotaken jiwa sing teksih klambrangan sedurunge mlebu lapangan akhasic. Tapi.. Tapi apa iya ngko kowe cocog karo jiwa-ne mbuh sapa sing delebokaken aring matriks jasad-e Tarno.”

”Inggih, Mbah. Mbahe leres lho..” Siti mengo mandeng titik kosong.

“Sebab sing decocogi neng ko kuwe udu liya mung jiwane Tarno.” Varadil mikir-mikir. ”Oya.. tembe wolung ndina ko ngomong miki, Sit?”

“Inggih, Mbah.” Siti mengo maning maring Varadil. Sinar matane mantan murup tanda ana muncul maning harapan.

”Ya wis kaya kiye bae. Kiye untung-untungan. Matriks jiwa sing wis pegat sekang matriks jasade, sedurunge kendang ming kali klambrangan sing ngko butule neng lapangan akhasic, teksih sliwar-sliwer neng kono-kono bae. Mangsude neng bumi. Terutama neng nggon-nggon sing biasa di tekani selawase urip.” Varadil mlaku maring workshope karo ngomong, ”enteni sedhela, Sit.”

Antarane setengah jam Varadil metu maning nggawa barang rupa kalung kumplit karo liontinne. Liontine bentuk ati warnane bening.

 ”Sit, kiye liontin isi liquid perwitasari. Matriks jiwa teyeng manjing neng kene. Asal sing nganggo duwe iketan batin sing kuat karo matriks jiwa sing garep manjing. Dadi siki kowe ngider-ngider baen marin nggon-nggon sing biasa diparani Tarno. Lha nek ruh utawa matriks jiwa ne Tarno wis manjing, liontin kiye kelire malik. Wis ora bening maning. Tapi kelire malik dadi abang tua kaya kelir ati pitik. Pokoke batese ko mung patangpuluh dina. Nek gutul patangpuluh dina, liontin mu durung malik kelire, ya wis. Lilakaken. Nyong ora teyeng apa2.”

Siti nampa kalung sekang Varadil. Terus langsung denggo.

”Wis nganah, ko balik ming umahmu Praketa. Kiye pentile Tarno langsung tek gawe kloning-e. Sing ngati-ati ya, Sit.”

”Inggih, Mbah. Matur sembah suwun sanget ..”

”Ya, yaa...” Varadil bali mlebu maring ruang kerjane kambi gedheg2. Mbatin, ealaaa robot baen nganggo acara cinta berat mbireng. Jaaan.. ana-ana baen..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar