Pembaca
wis kenal Tarno kambi Siti mbok? (neng crita sedurunge kiye "SITI")
Naaa kiye kelanjutan critane. Kaya biasa. Pesenku bahwa kiye crita saru. Dadi
aja ngasi kewaca bocah sing urung umur. Mbok kebrangas. Bisa gawat...
“ M L E
C E H “
Anggitane:
Jikin Favorit
Trrrr, robopun-e Siti moni. “Haloo…” Suarane Siti nampa
telpun lirih lemes. Deweke ngglethak miring neng amben, kabel cas nancleb neng
silite.
“Sit?” Dewi suarane bening sehat wal afiat.
“Iyaa, Wi, ana apaa…?” Siti nyauri kambi liyer-liyer.
Batrene tembe keisi patangpuluh persen.
“Kayong anu lemes temen rika? Lagi ngecas ya?”
”Iyaa kyee, jan ket mau uwis kooh, urung kebek-kebek.”
”Deneng dhela-dhela ngecas?” Dewi janne ngerti jawabe tapi
tetep takon.
”Genah ko laa, Wi.. Mas Tarno anu ora gelem liren siy dadi..
Anu labuuh baen, karepe. Mbok ya mengko-mengko maning apa ngapa yaa.. Kiye ora,
mentiung dhela, desongkel-songkel maning, ya terus labuh maning..”
”Dadi ping pira kuwe sedina?”
“Laaa ping sewelas mboran. Ora etungan uwis.”
“Lha siki deneng agi ora labuh? Mas Tarnone maring ngendi?”
”Mleceh gendhele, Wi. Untung guweh, dadi lara angger denggo.
Mulane siki nyong kober ngecas, ya. Terus Mas Tarno miki metu nggawa becak. Anu
garep nyicil andong ndean.”
“Ya iya jelas baen mleceh yaa, nek sedina degesrek ngasi
ping sewelas. Tapi gagiyan kuwe, Sit, detambani. Mbok kelaut ngoreng ngko
lho..”
“Iya sedhela kiye, nek wis paling ora pitungpuluh persen
batreku, tek ming toko empan pitik. Tuku obat.”
“Deneng maring toko empan pitik?? Tuku sulfanilamide bae si,
gelis garing, embok..”
”Ooo aja, Wi. Sulfa kuwe nggo titit bocah sing tembe
desepiti. Titit tukang becak ora pasah detambani kuwe. Cocogee, kapsul tetra
pitik. Kaeh lho, cing cok nggo nambani jago bangkok pas agi babak belur menawa
tes tarung. Dadi kapsule debukak, terus glepunge deuwur-uwurna ming nggon sing
mleceh. Kuwe sejam bae wis gelem garing, Wi. Asal aja decuwiki, tempo telung
ndina wis teyeng denggo maning.”
“Apa tek tukokna gye siki, ko neng umah baen?” Dewi, robot
sing baik hati, nawakna pitulungan ming Siti, kancane sesama robot sing baik
hati juga.
”Ya matur nuwun banget, Wi. Ora usah tuku akeh-akeh. Papat
bae cukup. Siji paling satus seket perak.”
-----
Rohman tes njujugna ewong maring Moro, nggenjot becake
maring nggon ngisor wit gedhe. Neng kono ana becake Tarno kambi Tarnone sisan
agi njagong neng jok penumpang. Rohman ndeleng Tarno kaya anu agi ora kepenak
ngawak. Gagiyan deweke marani.
Tarno ngerti Rohman teka, tapi ora tau-taune deweke ora
ngadeg ora ngapa, tetep njagong bae neng njero becak kambi lenger-lenger.
Dengkule nlethek.
Rohman medhek, “Lheee, No.. Mriyang apa enggane? Kayong
lemes temen?”
“Genah koh la kiye, Man. Nggreges awake.” Basan dematna
jebule Tarno juga agi nyengkiwing clananane bagiyan ngarep. Bagiyan pe-pe-o.
”Deneng decengkiwingi kyeh..?” Rohman garep nyenggol pe-pe-o
ne Tarno.
Tarno njimprak, ”Ish! Aja decawel, Man. Anu agi mleceh
kyee..”
Rohman ngakak, “Mleceh?? Mleceh ngendine laa?”
“Neng gandhel nduwur, Man. Asli perih pisan.”
”Mulane ya mulane.. Wis tek warahi kon aja kegothoten yaa.
Kuwe siki akibate.” Rohman geget ngakak-ngakak.
”Seeh la, palah gemuyu bae, ko..”
”Endi ndeleng kaya ngapa mlecehe?”
Sewise clingak-clinguk dhingin, Tarno mlorodna clanane
semending, nidokna barange cing agi
mleceh. Rohman ngematna kambi geget-geget melas.
”Alalaw, iya lho. Deneng bisa mleceh kaya guwe cih?” Rohman
gedhek2 weruh pistul poal kulite semendhing.
”Domong si domong.. ssh..,” Tarno mbenerna clanane maning.
”Hanjap ping pira si, No?” Rohmane gumun2 mlongo.
”Alaaesh mbuh ra etung.”
”Mbok anu wis tek waraih, ko, kon aja kegothoten. Aso bae.
Ora maring endi2 ikih. Ngesuk2 maning toli teyeng.”
”Seeh la, genah nyamleng pisan ko laa. Sssh.. aduh.. duh..”
Rohman ngemek bathuke Tarno, ”Gye, anget ko, gye. Mriyang
kiye arane. Bali bae njuh, tek jujukna. Becakmu tinggal kene bae.”
”Iya.. ya. Ssh..duuh.”
----------
Pas Dewi teka, Siti wis bregas. Wis ora agi decas. Deweke
agi neng ndapur nyiapna masakan. Ngerti Dewi teka, Siti akon kon terus meng
ndapur baen.
”Iwak apa kuwe, Sit?” Dewi takon mbasan weruh Siti lagi
ngiris-iris kaya iwak tapi dawa.
”Udu iwak kye. Anu ula dumung sendok, ngarah miki neng
mburi.”
”Ooow, men mlecehe enggal garing ya?”
”Hmmm-emm..”
”Garep demasak apa, Sit?” Dewi medhek.
”Laa ya minimalis bae lah. Kecap bawang uyah mrica.”
”Anu ketuwan apa ya ulane.” Dewi komentar ndeleng ulane gede
dawa.
”Ora, Wi. Pancen anu turunan gede. Kiye petunge anak.
Indange palah gede banget, se lengen bocah. Garep tek cekel indange melas, anu
wis tuwa pisan tur sarine ya wis tipis.”
“Upas-e dearah pora, miki?”
“Iya. Wis tek detox palah kuwe. Gari kultur sel pasif-e.”
Siti nidokna cairan bening semending neng njero gelas.
”Decampurna ming duduh? Apa deinumna langsung?”
”Neng duduh baela kon ora ketera. Marase mbok Mas Tarno gigu
ngerti anu barang sekang ula dumung. Hehe. Eh, aja ngomong kiye kicik semur ula
ya, Wi.”
”Lha terus ngomong iwak apa? Trenggiling? Lawong neng kene
endi ana trenggiling.”
”Ngomong bae kikil kidang. Anu ko dewehi ngewong.”
”Iya, wis. Ya.”
------
Krengket2 becake Rohman gutul umaeh Tarno. Basan mandeg,
Tarno medun dewek terus mlaku depapah Rohman. Tetep kambi nyengkiwing clanane
neng bagiyan pe-pe-o. Tarnone mandan isin nganggo depapah mbireng, “Ngalih,
Man, laa usah dedabyang-dabyang. Kaya garep mbabar baen..ssh..”
Rohman geget, “Hehehee, iya ngonoh mlaku dewek. Teyeng nggo
crita ngko, ngkanane Tarno gabere mleceh kakehen emprut.”
“His! Usah sembarangan, Man. Kiye bab rahasia total. Masalah
paling primpen. Mung ko thok sing olih weruh.”
“Iya. Ya. Tenang bae. Nyong ya ngerti laa, ora mungkin tek
sebar2 na. Eh deneng ana bojoku kae.”
Wong pada wis gutul njero ngumah. Terus pada weruh nek Dewi
ya ana neng kono. Dadi siki rong keluarga pada ngumpul.
Tarno njagong neng kursi. Siti marani, “Mas, detambani
nggih. Niki pun kula tumbasaken tamba bubuk.” Isi kapsul pancen wis desuntek
neng lepek. Siti langsung bae ndodok neng ngarepe Tarno terus nyandak clanane
garep deplorodna.
“Ish, ngko disit, isin toli, ana Dewi.”
“Laa mboten usah isin-isin. Wong anu robot be koh.” Sruud
katoke Tarno mlorod. Tarnone nggembor iaaaaooow, akon Siti kon alon2. Basan wis
ngglondeng, bubuk tetra pitik terus deuwur-uwurna ming nggon sing mleceh. Neng
gendhel nduwur, perbatesan antara endas kaji kambi setang dongkrak.
Mbasan wis cukup deuwur, Siti ngomong kon aja katokan
ndisit. Tunggu antarane seprapat jam. Ngiras-ngirus Siti ming ndapur metu
maning nggawa mangkok isi semuran sing ketone mengini pisan.
“Na kalih desambi dahar kriyin, Mas. Niki nggih tamba,
supados awak mboten nggreges lan mlecehe enggal garing.”
“Apa si kuwe, Sit?”
“Kicik semur.”
“Iwak apa? Kebo? Sapi?”
“Anu kikil kidang niki, Mas. Mbak Dewi desukani tiyang.”
Tarno wong pancen ya kencot langsung bae nyruput karo
njambal iwake. Krasa kinel-kinel. “Enak temen ya, kikil kidang. Mbak Dewi,
asring-asring laa mbeto kikil kidang. Kula seneng niki..”
“Enggiih.. gampil mangke. Menawi remen tek pados malih.
Ampun kuwatir kathah ikih.” Dewi nyauri.
“Anu kikil kidang temenan apa kuwe?” Rohman ngrisiki bojone.
“Sanes, Mas. Anu menu Ellyas Pical niku.” Dewi mbales
ngrisiki sing lanang. Rohman langsung tanggap. Sebabe wong loro pancen wis
nduwe istilah khusus menawane iwak ula kuwe menune Ellyas Pical. Sebabe jere
Rohman, petinju dunia sing nek garep tarung kudu mangan iwak ula ndingin kuwe
Ellyas Pical tok. Muhamad Ali bae ora.
Rohman terus ngomong ming Tarno, “Deentongna, No. Men awake
seger kuwat. Ora nggreges maning. Gye, ngonoh pada dekepenak yaa, nyong tek
bali ndingin. Yuh, Wi, bali ndingin laa, kon pada ngaso kuwe wong loro.”
“Nggoh.., mpun nggeh Mas Tarno, kulo tek wangsul kriyin. Yuh
Sit, nyong bali ndingin. Kuwe Mas-e deomongi kon aso bae. Sabar. Ora kethungul
ngode ngko, anu labuh terus.”
Rohman karo Dewi lunga. Gari Tarno karo bojone loroan.
Ketone kasiyate bubuk tetra kambi semur ula dumung sendok pancen jan cespleng.
Buktine langka setengah jam, perihe wis langsung ilang babar blas. Awak juga
balik fit maning kaya ora tau nggreges maune.
“Sit, deneng awake nyong wis waras nggoras kye yaa. Titite
ya wis ora perih mening.”
“Nggih enggih laa, wong tambane manjur pisan kooh..” Siti
nyauri manja manis pisan kambi nglendot.
“Denggo apa yuuh..” Tarno wis klalen penderitaane pirang jam
miki.
“Esh, mboten. Ampun. Ampun kriyin, Mas. Ngemben paling
mboten, tembe pareng dengge melih.”
“Laaa, suwe temen si deneng ngembeeen..”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar