****
Jikin tau tekon karo wong tuwek sing umure wis meh satus. "Mbah, bedhékan-e wong jaman mbiyen ki piye contone?"
Mbahe kuwi mau semaur, "Yo ngene, Nak. Umpomo, bedhékan. 'Opo bedane menungso kawin karo kirik kawin?' Ngono.."
"Opo bedane, Mbah?"
"Yen menungso kawin, sing lanang nyilak-ke jarik. Yen kirik kawin, sing lanang nyilak-ke buntut! Pekok, ngono we ra ngerti.."
"Woo, mbahe nyat biyangane.."
****
Lha bengine Jikin yo tekon mbek mbah sing wis tuwo banget kuwi mau. "Terus iki, Mbah. Aku yo meh tekon. Jaman mbiyen ki ono wong lanang galo mergo wedokan pora?"
"Ha, yo pirang2 to yo.."
"Contone, Mbah?"
"Yo kae, tau aku ngandani Warjiyo, 'Warjiyo! Galo! Bojomu katut bakule empring!' Warjiyo sak naliko edyan."
****
Esuk-e, ra ditekoni Simbah tuwek crito dewe, "Jikin, reti ra, ngopo jaman saiki endok pitik lehor luwih gede mbangane endok pitik jowo? Mongko jaman mbiyen gedene podo.
Kuwi mergo sakwijining ndino ndoro tuwan akon, 'saiki silite pitik suwek-en sitik maneh supoyo endok-e luwih gede!' Trus aku wangsulan, 'pitik gawanmu wae ndoro sing disuwek. Yen pitik-ku ojo. Mesak'ake!' Wiwit kuwi endok pitik lehor njuk luwih gede."
****
Tidak ada komentar:
Posting Komentar