Kamis, 21 Maret 2013

CERPEN: Tetralogi Siti (Jilid 1)




(Ora kena dewaca bocah sing tembe sepit apa tembe men. Apa maning sing urung sepit apa urung men)
 
” S I T I ”
 Karangane Jikin Favorit

 
Kesirihan si ora, tapi Tarno mung gumun ora uwis2 neng mbatin. Ingatase pada2 tukang becak koh enggane Rohman teyeng duwe bojo ayu pisan. Jan ayune kuwe, ora mung ujare Tarno thok, sekelas kambi Tamara. Najan tukang becak tapi Tarno ya weruh endi sing arane Tamara.

Tarno dewek seprana-sprene urung mbojo mangka ya umure wis kepetung tuwa. Wong rambute wis ana sing putih si. Tapi ya Tarno janen paham. Kayangapa pahale tukang becak. Tetep cewe ya kepriwe2 mikir nek garep dearah bojo neng bangsa tukang becak. Emut kaya kuwe Tarno sidane ya nrima bae. Mung tetep nyuwun kambi Sing Gawe Urip supayane gutul mangsane ngko ya teyeng deparingi sing arane bojo. Sukur2 teyeng sing kaya bojone Rohman.

Tarno bala pisan kambi Rohman. Mulane Tarno anu wateke ciami dadi deweke ora kakeyan cocot soal bojone Rohman. Ora kaya wong liya pada sing ngerti Rohman duwe bojo mlowes terus pada ngrasani mbuh ora. Ana sing jere Rohman main pelet, trus jere maning kuwe wong wadon anu kenthir dadi ora teyeng mbedakna endi tukang becak endi pegawe Pemda, pokoke rupa2 cocote ngewong. Rohmane ya ngerti angger nggo rasanan ngewong, tapi ketonne cuwek baen. Belih. Bodhoa. Sing penting ora laku colong jukut, mbatine Rohman.

Tarno lan Rohman pada2 wong sing atine apik. Jujur. Kelakuane ya lumrah. Mbejud-e ya udud karo nek ana rejeki lewih ya paling rekreasi njamu nginum anggur.

Pada suatu hari pas wong loro agi pada nginum anggur, sebotol nggo barengan, Tarno ora teyeng nahan takon2 bab Dewi. Bojone Rohman jenenge Dewi. Kuwe wong pada sirahe wis mandan entheng kenang anggur.

”Man, Dewi siy aran dawane sapa?” Tarno takon kambi ndelengna sawah nyerot Djarum Super.

”Dewi? Aran dawane Putri Citra Ayu Dewi.” Rohman gole nyauti aso.

Tarno mlongo kaya anu ora ngandel, ”Apah? Sapa kuwe miki?”

”Ya kuwe. Putri Citra Ayu Dewi. ”

”Syettt, jenengan wong papat deneng, yaa? ”

”Apik, mbok? ”

Tarno manggut2. Wong loro pada meneng sedhela, sedurunge takon maning. ”Dewi anu wong ngendi si, Man?”

Rohman nyekikik. ”Nangapa si takon2? ”

Tarno mandan isin, ”Ora lho, Man. Ee, mbok, ana batire sing teksi prei urung debojo ngewong, lhoo. Thukna inyong apa priwe...”

Rohman ngguyu maning. ”Gyeh, No, ko kuwe balaku ‘du?”

”Jelas ya, Man. Neng dunya kiye mung ko thok balaku. Inyong langka sapa2 maning. Wong tuwa langka, sedulur ya langka.”

”Kaya kiye, No, merga ko balaku, inyong siki garep waleh maring ko masalah Dewi.”

Tarno dadi mandan ora kepenak, ”Nek ko sungkan, ora usah deomongna ya ora papa, Man. Crita liyane baen.”

”Ora kaya kuwe, No, kiye hubungane kambi ko gelem ora duwe bojo sing kaya bojoku.”

Krungu omongane Rohman, Tarno dadi bregas, ”Priwe ’jal?”

”Kaya kiye, No. Dewi kuwe asline udu bangsa menungsa kaya dewek.”

Tarno sekal njimprak kaget pisan. Pikirane langsung maring bangsa demit kunthi. ”Sett, Man! Ngko dhisit! Medeni temen kuwe?? Dewi anu kunthi apa??”

Rohman ngakak, ”Udu, No! Udu! Dewi kuwe anu robot. Anu mesin. Nek ko gelem duwe bojo robot ngko jajal tek jalukna kambi sing aweh ming nyong.”

“Robot?? Deneng robot? Wong anu wujud banget menungsa koh?”

”Genah sing aweh kiye bae anu wong2 pinter pisan. Udu wong kaya bangsane dewek. Kiye wong sekang planet luar.”

”Bisane ko gathuk karo wong planet luar?”

”Lah nyong bae ya ora ngira. Wong anu nyong agi iseng tapa ngebleng sedina sewengi neng Srandil malah detekani kae padha. Ujarku pertamane dewa koh. Priwe? Gelem pora? Ngko dela mening nyong garep ming Srandil. Sisan ngko tek jalukna.”

Mandan ngandel mandan ora Tarno moni gelem.

Rong minggu sewise omong2an nginum anggur, Tarno kepethukan Rohman. Tarno wis klalen bab penawarane Rohman soal robot bojo. Soale anggepane Tarno, Rohman mung anu ngawur nylimur nggo ngumpetna identitase bojone.

“No, nyong wis aring Srandil. Wis tek jalukna. Kana setuju. Kana wis paham sapa sing aranne Tarno. Kowe anu wonge apik jere, dadine hak teyeng duwe robot kaya sing duweke inyong.”

Tarno ngakak, ”Tai la, Man. Usah ngece, ko. Ngko nyong ya suwe2 mbojo. Mawi robot2an.”

Rohman gole ngomong terus serius, ”Ora, kiye temenan. Enteni rong minggu maning teka barange. Eh, garep dejenengi sapa kiye robote?”

”Alaa, mbuh la.”

”Oooo, domongi bener2 koh.” Pas kuwe ana sing wong nyeluk Tarno garep mbecak, dadi Tarno terus lunga narik.

Kurang lewih rong minggu sewise, wengi2 antarane jam setengah siji, pas Tarno agi nonton bal neng tv, lawang ana sing ndhodhog. ”No.., Tarno.., inyong kyeh. Ko urung turu, mbok? Bukak, gelis.”



Tarno menyat, ngerti anu sing teka Rohman. Mung rasane ko mandan ora tau2ne teka ming umaeh. Lawang debukakna, ”Ana apa, Man?” Tarno weruh Rohman ora dewekan. Rohman kambi cewe. Cewe sing bagine Tarno ayune kaya setan. Dadi kuwe rupane lewih ayu nimbang Dina Lorenza tur awake seksine por. Nganggo klambine daster batik, nggawa koper cilik.

Basan lawang debukak, Rohman kambi cewe sing degawa langsung bae bludhus mlebung umah. “Gelis, gelis mlebu. Mbok ana wong weruh.” Rohman moni kaya kuwe kambi gagiyan nutup lawang.

Neng njero umah teksi kambi menggeh2 wong tekane nggenjot becak, Rohman ngomongi Tarno, “Kiye, No, wis dewehi sing sesuai kambi karepe ko.” Mengo maring cewe sing degawa, Rohman ngomong, “Ayo kenalan kuwe kambi Mas Tarno, bojomu.”

Cewene ngguyu. Mat pisan gole ngguyu, terus nyalami Tarno, “Mas Tarno, kulo Siti. Bojone njenengan.”

Kambi mlongo Tarno nampa salamane Siti, “Enggih, kulo Tarno.”

Rohman gagiyan motong, “Hiss ora susah basa karo bojo, No. Ngomong biasa bae. Gyeh wis siki salaman uwis. Kuwe carane ijab. Siki Siti wis dadi bojone ko. Jajal deprentah si ngonoh.”

Tarno sedela nyengir sedela mrengut, bingung. Tapi suwe2 ya mandan paham. “Ya wis. Sit, gawe kopi dong.”

Sitine kedhep2 apik banget, “Kopi dong si kopi nopo, Mas? Kulo deprograme damel kopi nggih kopi giling, napa kopi Kapal Api, napa kopi ABC Susu, Coffee Mix. Kopi dong kulo mboten paham.”

Rohman motong maning, ”Ko gole ngomong usah decampur-campur ya, No. Ngomong sing jelas.”

Tarno cengengas-cengenges seneng kaya bada. ”Kae Sit, kopi ABC Susu. Neng ndapur akeh kae, rentengan. Banyu nggodhog dhisit tapi ya.”

”Inggih, Mas.” Sitine langsung bae aring ndapur.

Siti lagi repot neng ndapur, Tarno takon ming Rohman, ”Kuwe robot, ngopi juga ora, Man?”

”Eh, ya ora koh. Ora nginum ora madhang.” Rohman mbukak koper cilik sing decangking Siti miki. ”Kye, No, delengna. Kiye cas-casane.” Bentuke ireng kaya cas-casan hape mung lewih gede. Gedene kurang lewih rong bata detumpuk. Karo nglolor kabel, ”Sing kiye ming listrik. Tenang listrike ora gedhe, No. Sing kiye tanjlebna ming Siti. Tanjlebane neng silit. Dadi angger ngecas teyeng dejagongna apa turu miring. Saben ndina kudu decas paling ora telung jam. Dadi apike ya wengi jam turu. Ngko ketera, No, nek batrene wis ngedrop, Siti mesti angob bae. Ko mesti tanggap. Nek wis angob ping pindo ko urung ngecas, Siti angob sepisan maning kambi moni ‘ooaahem’. Nek wis kaya kuwe ko urung ngecas bae, Siti langsung semaput. Gluthak neng endi bae nggone. Lha kiye sing bahaya, marase mbok anu agi masak, ngedrop, ko agi narik apa ngapa. Teyeng tiba maring kompor, umaeh kobar. Siti melu kobar. Tapi ya, asal ko tertib amben wengi decas, ya aman.”

Tarno mandeng Rohman kambi nyengir saru, “Eh, Man..?”

”Apa?? Teyeng dekithuli?? Teyeng, No. Teyeng! Gurih pisan najan anu tempe robot. Ngungkuli tempe menungsa gurieh. Palah kiye nggonmu lewih canggih timbang nggonku. Siti teyeng kringeten. Nek Dewi kuwe kurange, ora teyeng metu keringet. Tambah ngacengi mbokan, wong wadon kringeten? Terus, angger bar dekithuli biasane langsung angob. Batrene ngedrop. Gagian decas.”

”Decas karo kithul teyeng pora? Angger hape kae toli teyeng, decas karo nggo telpun.”

“Jane ya teyeng, tapi ya angel mbok. Tanjlebane siy. Depeksa ya bisa, mung angger gijilmu ketubles ya rasakna dewek.”

”Tapi jenenge deneng Siti, yaa. Nggonmu jenenge apik, Dewi. Kurang gaul lah, masa enggane Siti.”

”Lha ko pas kae tek takoni, garep dejenengna sapa, ko palah kliyus lunga narik.”

”Ujarku ko anu nggleweh koh, Man.”

”Lha ya uwis. Karo sing nggawe ya dejenengi Siti, ngarah gampange. La, jeneng anu ora penting, No. Sing penting gengsote lho..” Rohman jogetan ngledek kambi nyengir. ”O iya, kuwe Siti ya wis deprogram pinter pisan. Teyeng faseh ngomong Inggris, Perancis, Spanyol, Portugis, Rusia, Cina, karo Jepang. Njoget ya teyeng njoget apa bae. Nembang juga. Mulane ngko ko tuku gitar, dadi angger umah sepi kon nggitar bae karo nembang. Mat pisan, asli!”

Tarno jan bungah pisan atine. Mbayangna siki wis nduwe bojo sing luar biasa.

“O iya, No, ngko nek duwe duwit, Siti dewehi. Pira2 kena. Nggo tuku klambine deweke lho. Masa klambi kuwe terus si. Ngko deweke teyeng nyukupna duwit sing dewehi ko men olih klambi sing babak karo jumlah duite. Pokoke saben ko aweh duwit kudu deomongna nggo ngapa. Angger nggo becer ya ngomong nggo becer. Angger nggo tuku apa liyane ya ngomong bae.”

Siti metu nggawa kopi rong gelas. Bar ngesog kopi Siti maring kamar. Koper isi cas2an degawa.

Kambi nyruputi kopi Rohman ngomong maning, ”Setelan pabrike, Siti teyeng ngecas dewek sedurunge angob. Tapi apike mode ngecas dewek depateni bae. Dadine ko bae sing ngecas. Soale ngko angger mode ngecas dewek urip, Siti saben metu ngumah mesti nggawa koper-e. Ora lucu, mbok. Masa angger ming warung bae nggawa koper.”

”Nyetel2e neng endi?”

”Kae neng koper miki ana buku petunjuke sisan koh. Bahasa Indonesia. Ko pesti teyeng paham. Ora angel ora.”

Kopine Rohman dela bae entong. ”Ya wis, No, nyong bali dhingin ya. Selamat menikmati bojo la. Sante bae aja kegothoten. Wektune nggone ko kabeh ikih.” Rohman lunga bali.

Tarno mlebu ming kamar. Siti agi turon miring mesem manis pisan ming Tarno. Sekang gom2an silite keton kabel nglawer maring cas2an.

Tarno munggah amben. Turon madhep ming Siti. Wong loro pandeng2an. Tangane Tarno ngelus pundake Siti. Tarno mbatin, jiaaaan.. ora beda kulit awak menungsa. Tur ambune wangi enak. Ora kaya wangi kunthi. Tapi wangi sing ngacengi.

Siti takon ming Tarno, “Bade kithul nopo, Mas?”

“Oh ora, Sit. Ngecas disit bae ko ngonoh. Ngko subuh bae ya, nek ko wis penuh batrene.”

“Monggo mawon, Mas. Kapan Mas Tarno kerso, kulo purun.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar