Kamis, 21 Maret 2013

Guris Banyumasan 002

ARAB vs KONDEKTUR BIS

Umar bin Ali Akbar Suaid arang pisan lunga2. Tapi dina kuwe deweke gelem ora gelem kudu ngrampungi urusan neng Jokja. Yawis, Umar pangkat aring terminal.

Neng terminal kernet kondektur rupa2 bis pada  nawani Umar. Tapi sing depilih sidane Efisiensi. Umar takon karo kondekture.

"Salamualikum, Pak. Gyeh kene Jokja pira ongkose?"

"Patangpuluh ewu."

"Pirang jam?"

"Telung jam lah kurang lewihe."

Umar meneng sedela, trus takon maning, "Lha Jokja ngeneh? Pirang jam? Pira ongkose?"

Kye kondektur langsung emosi, "Ente kepriben janne?? Ketemu pirang perkara kene - jokja, jokja kene bisa sejen wektu karo ongkose??"

Umar ngeyel, "Astaghfirulloh, aja salah ente. Ana ora weruh bab kuwe mulane takon. Jajal. Sekang bada idul fitri gutul bada kaji? Rong wulan mbok? Sekang bada kaji gutul bada idul fitri, sepuluh wulan mbok? Apa pada?"

-------------------------

ASI

Malem minggu Risman nonton layar tancep neng lap. Sidaboa.

Pas bar nguyuh neng kebonan, Risman weruh ibu2 agi ngempengi anake. Risman medhek.

"Lha niki namine ibu ingkang leres. Nyukani larene ASI, sanes susu botol. Kulo nggih kriyin desukani ASI teras teng mamake kulo. Buktine, niki awake kulo sehat. Tenagane rosa."

Ibu2 sing agi ngempengi mesem baen.

"Bu, niku putrane mpun wareg ketingale. Mpeng setunggile ngge kulo mawon mriki la. Jan kulo seneng pisan mimi ASI."

Ibu2ne pertamane kaget. Wani2ne kye bocah, ibu2ne mbatin. Tapi weruh Risman wonge nggantheng gagah, ibu2ne sidane gelem juga aweh mpeng sijine nggo deweke.

Kedaden Risman ngenyot neng petengan. Semenit rong menit, suwe2 ibu2ne terangsang. Trus ngrisiki Risman, "Ouwh.. mass, kepengin apa maniiing...?"

"eerrn.. mbekto bubur Promina nopo, Bu?"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar