“NGREWANGI
BOJO GOLET DHUWIT”
Anggitane:
Jikin Favorit
Lawong anu robot ya wis mantese nek Siti duwe kecerdasan
buatan (AI) karo tenaga pisik sing ora lumrah. Uteke kuwe mesin elektrorganik
sing kekuatane lewih ping sewune prosesor 128bit gaweyan Amerika sing durung
delempar ming pasaran. Amerika pancen cok kaya kuwe polaeh. Barang sing paling
canggih denggo disit neng militere, ngko nek wis rolas taun tembe dedol maring
masarakat.
Tapi dekapak-kapakna tetep, bangsa julig kaya Amerika, kalah
kambi wong laku tapa lan begja. Contone ya Rohman kambi Tarno. Selilik alam
logika materi kalah kambi samadhi lan dharma yoga. Laku bhakti maring bhagavad
kaya sing delakoni Rohman neng Srandil, derungokna neng para alien sing kambi
wong gemiyen desebute dewa. Jelas para alien ngrungokna getaranne atine wong
pasrah ngalah maring semesta lan siap nampa prentah dharma apa sing kudu
delakoni terus gagiyan aweh hadiyah ya kuwe robo crot sing ayu, pinter tur kuat
luar biasa, terus sing paling penting manut kambi lanangane. Ora tau jere aseng
gegoh gara-gara ekonomi, cemburu, apa apaha.
La siki Siti. Siti kuwe wis wujude ayu seksi ambune wangi
pisan, esuk2 jam papat wis gregah tangi, nyopot cas2ane, terus maring sumur
nimba ngangsu. Tarno sing teksih ngorok keselen wong mbengine tangkur kambi
Siti paling sithike pindo, babar pisan ora krungu grajag-grujug bak deisi,
kambi gemlothekane Siti neng ndapur nggodhog jarang, masak, karo liya-liyane.
Ora mung kuwe thok. Rampung neng ndapur Sitine maring kebon
sepethil neng mburi umah, ngrumati pitik buras sing jumlahe ana nek patang
puluh. Neng kana Siti ngumpulna mbelek neng luwangan cilik sing ngkone
dedadekna lemon KW 1 sing wis delanggan neng bakul taneman. Kuwe udu lemon
kandang biasa. Teksi deoplos kambi formula spesial, uyuhe Tarno sing mesthi
thurr maring bekas botol air mineral, kulit gedang bosok, plus solar diesel
semending. (Sapa bae sing maca kiye aja tiru. Sebab takerane pira-pira kambi fermentasine
kepriwe, utek bangsa menungsa urung nyandhak.)
Hasile? Begitu dewuwuri lemon oplosane Siti, lemah dadi
gembur subur dalem wektu kurang sekang setengah jam. Tanduranne seger-seger
lemu, nek kembang yang ngembang seporete sing kwalitase luar biasa.
Lemon adole patang ndina sepisan. Produksine ora akeh, terus
mesti detuku kabeh neng Muslih. Muslih karepe seakeh-akehe tur gelem bayar
ngarep. Tapi Siti ora kemaruk. Deweke ngomong apik-apik kambi Muslih nek
teyenge gawe pancen mung semeno. Kambi ngiler-ngiler ngematna ayune Siti,
Muslih sering meksa, ”Mpun la Mba’, kulo modali nggoh, ndamel teng pekarangane
kulo. Betah pinten danane mengkin kulo ontenaken.”
”Mboten la Mas Muslih. Semonten kulo mpun seneng. Sekawan
ndinten sepindah angsal seket ewu saking njenengan, mpun seneng kulo.” Jawabane
Siti.
”Mindhak nggih kulo purun koh, Mba’ Siti. Kulo bayar wolung
ndoso nggih purun. Supados njenengan berkembang, produksine tambah kathah.”
“La mboten lah. Seket mawon, mpun. Mengkin bathine njenengan
kelong.”
Terus sekang pitik jawa sing dearah endhoge. Wong cara
ngrumate top, saben ndina pitik pada ngendhog sing hasile ora kurang sekang
telung puluh lima blindi.
Endhog sing njioti bakul jamu gendhong. Ana loro bakul
jamune. Sumiyah karo Ntik. Lorone wong Solo, lenjeh2 pisan tapi apikan. Pira
ana endhog debagi loro kambi bakul-bakul jamu kuwe. Siti gole adol siji gope.
Limangatus perak. Sumiyah karo Ntik ora tau lat njiot endhog tur bayare tunai.
Dadi sekang endhog Siti olih paling ora limolas ewu sedina. Lumayan.
Tarno tetep mbecak. Mung siki sepet olih Siti ana sing beda.
Tenagane tikel gole rosa. Kuwe merga pangane Tarno menu sing luar biasa. Menu
universal soldier. Endhog ayam jawa ora tau lat. Oseng cacing hasil olahane
siti (na masalah cacing kiye Tarno barengan karo pitik-pitik ingonane Siti).
Siti pancen mbudidaya cacing neng bekas bathtub. Cacinge spesies pilihan.
Nggolet bibite neng pilar brug sepur kali jurig Tanjung. Cacing super khasiat,
lawong ngerti dhewek uripe bae neng banon brug sepur gaweyan landa.
Durung nek Siti pas nemu ula. Semur ula masakane Siti kuwe
menambah vitalitas wong lanang secara signifikan. Dadine apa? Tarno gole mbecak
ora kesel-kesel. Bolak-balik Sokaraja – Karanglewas ping pitu ya paling
ngos-ngosan semendhing. Rutin nggawa beras kwintalan sekang selipan neng
Padamara ming Pasar Wage ya aso bae. Wong tau sore-sore pas grimis neng ngarep
Tirkem ana mas-mas loro neng bakul rokok detawani neng Tarno, ”Becak nopo,
Mas?”
Mas-mas loro kuwe ketone anu pancen wong mandan sarap tur
nggaya, kaya anu ngece ming Tarno, ”Ming Baturraden gelem, Pak?”
”Monggoh..” Tarno gole njawab sante.
“Kuat apa, Pak?” Teksi nada ngece.
“Insyaaloh..” Tarno gole njawab serius.
Lha, wong sing detawani mbecak kuwe ketonne panas ndeleng
sante-ne Tarno. ”Nek rong jam gutul, tek bayar rong atus ewu, Pak. Nyong wong
loro lho kiye.”
Tarno tetep sante bae gole nyauri, “Mboten sisah kalih jam,
sejam kirang mawon dugi ko, Mas.”
“Ya, wis! Nek sejam gutul tek bayar limangatus ewu, Pak!”
Wong loro terus pada numpak becak ngetan, prapatan DKT terus
ngalor. Baturraden. Jan bener, ora ngasik sejam, penumpang-penumpange Tarno
pada njaluk setop neng ngarep gang Sadar. Cung, Tarno debayar gope jeng. Bubar
ngomong matur nuwun, Tarno langsung kliyus medhun. Wong loro penumpange Tarno
sing arep pada nlembug mlongo gumun ora etung. Sing ngetokna duwit gope jeng
belajar hikmah, nek mengko-mengko ora maning-maning gelem ngremehna ngewong.
Manut intruksine Rohmah, pira-pira olihe duwit Tarno setor
maring Siti. Lawong sepisan maning Siti anu robo crot, duwit pira-pira sing
deolih ya ora deborosna apa nggo tukoni barang sing ora perlu. Duwit-duwit kuwe
mau deatur, dekumpulna, deblanjakna sing jitu lan tambah akeh dadine..
Antarane wolung wulan Siti mlaku kambi Tarno, Siti niliki
celengane. Jumlahe ana nem juta kurang semending. Pas kuwe awan2, Tarno pas agi
andhong. Weruh dhuwit semeno Siti terus meneng matane merem. Utek robote mikir,
kuwe dhuwit arep dekapakna.
Mbasan wis hening antarane seprapat jam, algoritma bisnis
neng uteke robot Siti ketemu jawab. Siti ganti klambi, dandan seperlune tapi
jan wong anu wis ayu banget dadi tambah mencorong bae. Siti metu, nunggang kol
kota maring jurusan Unsoed.
Neng daerah Unsoed Siti golet toko sing adoli peripheral
komputer. Neng kono Siti tuku motherboard ASUS P5-KPL, Pentium Dual Core
2.4GHz, Harddisk 320GB, memori 1GB, casing, keyboard mouse kambi monitor bekas.
Bar kuwe Siti tuku CD Windows XP Professional bajakan, karo CD kumpulan
software internet/jaringan. Ora klalen Siti tuku modem GSM USB sisan kambi
kertu IM2 ne. Gunggung kepruk entonge telung juta lewih semending.
Gutul ngumah gagiyan komputere derakit deinstall terus
dejajal online. Siti wis ngetung, sinyal Indosat full neng njero umah. Dadi
modem ora tau medun ming GPRS. Terus-terusan HSDPA. Siti marem pisan kambi
situasine. Rampung kabeh, Siti terus ming ndapur masak nggo Tarno sing dhela
mening bali.
Wengi kambi nonton tivi, Siti ngomong ming Tarno. ”Mas
Tarno, ngenjing teng bank ’nggoh, damel rekening tabungan.”
Tarno mandan kaget, ”Neng bank? Akeh apa duwitmu?”
”Nggih boten kathah, Mas. Tapi saene nggih damel tabungan.
Supados artone mboten mlarah-mlarah. Kerso mbok, Mas?”
“La ya sekarepmu lah, Sit. Ko sing pinter. Tapi siki enake
pada labuh baeh yuh.. Ngesuk ming bank.” Tarno cengar-cengir penuh arti. Sitine
nanggapi. Jelase wong loro langsung pada gulat Mesir neng amben.
Ngesuke nunggang becak, Tarno sing nggenjot, Siti ming bank.
Neng bank Tarno de-ndheg neng satpam. Satpam-e ngomong kambi Siti, “Bu, tukang
becaknya bisa tunggu di luar saja?”
Kambi mesem manis pisan Siti nyauri, ”Oh ini suami saya,
Pak. Dia mau buka rekening.” Satpam-e langsung puyeng endhase. Ora teyeng
ngomong apa2 mung ngejorna Tarno melu mlebu.
CS bank sing mlowes juga ora kurang gole mlongo weruh wong
ayu pisan nggandheng mesra tukang becak kemringet kathok pendhekan. Tambah
mlongo maning basan ngerti nek wong ayu kuwe mbimbing bojone sing tukang becak
bukak rekening.
Plung, duwit rong juta setengah detabung. Telung ndina
sewise kertu ATM karo internet banking siap pake, Siti online. Pertama, deweke
ngemail online money changer lokal sing pada2 duwe account neng situs pelayanan
deposit-bayar Amerika sing Siti wis ngecek bonafiditase, karo pada2 duwe
account neng bank-e Siti. Terus karo internet banking Siti transfer ming money
changer, tuku dolar sisan prentah supayane deisekna ming account situs
pelayanan deposit-bayar sing neng Amerika.
Sedela bae Siti wis duwe rong atus dolar Amerika neng njero
account pelayanan deposit-bayar. Sekang duwit kuwe Siti nyewa remote server IP
statis neng penyedia server/host. Sewulan biayane ora ngasi rong puluh dolar.
Siti bayar nggo telung wulan sisan.
Wis beres urusan server, Siti ndaftar dadi trader neng
pedagang valuta asing online sing sedurunge Siti juga wis ngecek kebonafidanne.
Sekang kono Siti download software trading-e. Lha, software kuwe banjur
deinstallna ming remote server sewan sing ora ngasi rong puluh dolar sewulan
sewane miki.
Neng kene robo crot Siti maenkan. Software trading kuwe
kerjane adol apa tuku maring valuta asing sing diinginkan. Nah tukune nganggo
duwite Siti sing wis desetorna maring pedagang gede pas ndaftar. Siti setor
setara US$110. Valuta sing denggo jago bebas, terserah trader. Ora perlu repot,
Siti nyekel Euro.
Software trading bisa kerja manual, artine trader mendelik
bae neng ngarep komputer terus ambil keputusan kapan adol kapan tuku. Selain
manual, software kuwe juga nyediakna nggon nggo trader masang program otomatis.
Dadi program kuwe sing mikir kapan tuku kapan adol berdasarkan analisa
statistik, historis, lan macem-macem sekang pergerakan perdagangan sing wis
liwat.
Tapi jenenge program otomatis, sepinter-pintere sing gawe
tetep ora bisa ngalahna alam. Pancen sih, akeh sing bisa pahal sekang program
otomatis sing regane larang-larang pisan, tapi sering ya blong. Tuna.
Siti gawe program otomatis dewek. Algoritma-ne kenthir.
Sepinter-pintere bedig Wall Street, apa Nikkei ora nana sing bisa nandingi
otomat-e Siti. Jan rapet-pet analisane. Nganggo rumus probabilitas alam semesta
sing integral-e rangkep telu tur siklik. Sing angger jenate Taylor apa McLaurin
nganalisa, bisa semaput (Taylor-McLaurin kuwe mpu-ne matematika kalkulus
empirik sing angger teorema-ne denggo jere teyeng nggo ndeleng setan).
Blus, otomat-e Siti detemplekna ming software trading sing
wis deinstall neng remote server. Thul-thul-thul otomat-e Siti dodolan dewek.
Siti-ne ya wis ora urusan maning. Jor kon golet duwit dewek kuwe otomat. Siti
tetep rutin ngrumat Tarno, ngurusi pitik kambi gawe lemon tanduran.
Dalem tempoh limang ndina dina trading New York, modale
Siti sing satus sepuluh dolar wis dadi
US$192. Berarti Siti bathi wolungpuluh ro dolar. Berarti sedina rata-rata Siti
cwan wolulas dolar. Bathi kuwe decemplungna maning nggo modal.
Minggu ngarepe modale wis dadi US$314. Minggu ketelu dadi
US$550. Genep sewulan trading modal dadi US$702. Sewulan lewih rong ndina modal
wis US$ 812. Stop. Siti mandheg nyemplungna bathi maring modal. Cukup neng
wolungatus dolar baen. Siki gari pahal.
Molai sewulan lewih telung patang ndina sepet Siti ndeleng
celengan terus ngrakit komputer, pengasilane rutin saben ndina kurang lewih
US$60. Depotong kurang lewih limang dolar sedina nggo jagan operasional,
ekuivalen US$55 blus maring rekening bank-e Tarno. Saben ndina. Siti mung perlu
ketak-ketik seprapat jam neng komputer-e. Tarno-ne ora ngerti apa2. Asik bae
nggenjot becake turut gili Purwokerto.
Setahun wis, Siti gandheng kambi Tarno. Sore-sore Rohman
karo Dewi mertamu. Maksude garep ngrayakna anniversary Siti-Tarno.
”Ealah tumben pada rawuh..” Siti nyambut para dayoh.
“Lheeuh, setaunan, mbok. Pesta mbokan.” Rohman ngemutna.
“Eh enggih, nggih. Setaun pas niki mpun, Mas Rohman.” Siti
ngguyu. Tarno metu sekang njero bar adus.
“Setaun ya, Man. Ora krasa..” Jere Tarno.
”Enggih nggoh pesta mawon. Maeman teng pundi nggoh?” Jere
Siti.
Siti banjur dandan. Siap-siap. Tarno juga. Basan uwis wong
papat pada lunga becak-becakan. Sing wadon njagong sing lanang nggenjot.
Weruh mesin ATM Siti matur ming Tarno nyuwun mandheg. Tarno
degandeng mlebu ATM. Kartu delebokna Siti narik limang juta. Tarno neng jejere
sing weruh kabeh transaksi mlongo weruh duwit limang juta. ”Deneng akeh temen
manake ya, Sit, ujarku ganu nyelengine mung rong juta setengah? Halal ora kuwe
bank, ya?” Mbasan weruh saldone Tarno tambah njimprak. Ala’elhaaa..
Walhasil, wengi kuwe, Tarno karo Rohman ora nginum anggur
cap Ortu sebotol nggo barengan maning. Tapi tenggun siki. Nginume sing botole
lemu ora kaya botol kecap utawa botol syrup Marjan. Botole siki sing desogna
rak kayu deglethakna turon monconge desumpel gabus gole mbukak kambi ontrek
titit bebek monine PLOK!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar