Kamis, 21 Maret 2013

CERPEN: Tetralogi Siti (Jilid 4)



“OLD SOLDIER NEVER DIE, THEY ONLY FADE AWAY”
(“GENTHO RA TEYENG TIWAS, PALING2 MOKSA”)
 Anggitanne: Jikin Favorit

 --
 Judul ngutil sekang sekalimat neng pidatone Jenderal Douglas MacArthur neng ngarepe taruna-taruna akmil West Point, Ngamerika ngkana.
 --

Urip enggane mung spisan, usah degawe angel. Kuwe omonge Tio sing penguripanne kelilingan nopia. sale goreng tempe kripik bangsane maring Tarno tukang becak. Apa sing dekomongna miki pas deweke agi ngodekna Tarno esuk-esuk jam setengah sanga. Biasa, Tio  njaluk dejujugna aring stasiun. Mung aja salah. Tio ora jere garep numpak sepur. Bener si garep numpak, ning kiye sing bakal detumpaki anu barang sejen. Beda bangaet karo bangsa wesi waja sing lumrahe bagiyan sekang sepur. Barang sing garep detunggangi Tio kiye bangeting lewih empuk lan anget.

”Ya iya, Yo. Ngapa lah deangel-angel.” Tarno gole nyauri ya sante bae. Mung neng mbatine mandan gumun ngapa enggane Tio koh ora mbojo bae. Urip sing beres. Ora model kaya kiye. Ajegan, seminggu pindho mbuwang dhuwit royal neng losmen pedhek fly-over jurusan Kober/Bobosan.

”Rika gelem apa, No, yuh, sekali-kali. Melu mlebu. Jan temenan tek bayari koh.” Tio serius tawa.

“La, ora lah. Kesuwun. Wis ko bae ngonoh dewareg.”

Tio banjur kelingan menawane Tarno pancen duwe bojo sing paras lan bodi-ne mlowes pisan, “Iya ding, klalen inyong nek ko wis marem neng umah ya, No. Enggane inyong duwe bojo kaya bojone rika tah ya ora jere nganggo kluyuran kaya giye.”

“Lho, ya gari ngarah bojo baen rika, yaa. Mbok rika ya wis mapan. Pahal cukup. Kurang apa maning jannen?”

”Rejekine wong soal bojo sejen-sejen, No. Inyong jan soal bojo anu langka hokine blas. Bola-bali kandas dalam urusan cinta. Hehee..” Tio ngguyu getire dewek. ‘Eh, gyeh, No, bagi pelet-e ngeneh koh la, men inyong teyeng olih bojo sing sipp.. Kaya bojone rika.. hehe”

“Anu duwe pelet, ora..”

“Alaa, wong lha cok main sembunyi-sembunyi lho.” Tio karo mandan ngledek mandan serius. Sapa ngerti Tarno pancen duwe aji-aji pengasihan sing manjur-njur temenan tur ya gelem aweh maring deweke.

”Yakin la. Gelem busung. Langka sing aranne pelet-peletan. Polos-los.”

”La, nganggoa ya tangeh gelem waleh rika, ya. Tapi gyeh, nyong gumun, enggane rika koh teksi mbecak baen si, No? Pahal ngumah lewih skang cukup mbokan? Endhog, lemon, pitik jawa? Wong tek deleng-deleng jan, sepet mbojo rika mengalami perubahan besar lho. Maju makmur apa-apane.” Tio pancen mengamati keadaane Tarno sing pancen limolas wulan terakhir kiye keton banget berubahe. Secara ekonomi.

”Laa, ya wang sinawang, Yo.” Mikirna masalah ekonomi, Tarno ngrasa ayem atine. Deweke bersyukur enggane situasi sing siki deweke duwe koh adoh tambah kepenak debandhingna sedurung-sedurunge. Mangan, listrik, karo kebutuhan-kebutuhan wong urip liyane, Tarno wis ora nganggo bingung mikir maning kepriwe gole nganakna. Tur ya ora mung sing primer thok. Keperluan-keperluan liyane kaya ngganti gendheng, ngramik, genti lawang, pager bumi, kabeh teyeng ketuku. Kabeh mau sebageyan paling gedhe jelas merga Siti sing neng matane Tarno ibarate kaya wit duit sing ora tau brondol godong duwite..

Tarno ora paham kepriwe carane Siti gole ngarah duwit. Weruhe ya Siti kawit subuh ora liren-liren gole nyambut gawe. Terus karo sedhela bae ngurubna komputer, dolanan internet, wis. Tapi terus bae Sitine aseng rembugan bab tuku kiye tuku kae, dandan kiye dandan kae. Tarno setengah mlongo teyenge. Mung cok takon apa enggane bener ana duite. Siti ya mung moni ’onten koh, Mas’ kambi mesem manis pisan. Nek wis kaya kuwe ya Tarno mung manthuk-manthuk akur kambi neng mbatin sumbar nek ngesuke deweke garep mbecak seporete nggo nganakna duit juga. Kuwatir mbok jebule duwite Siti ngkone ora cukup.

Umah wis rapet-pet langka sing bocor. Siti wis ora nimba maning. Wis tumbas pompa dap. TV patbelas in merek Cina ora nggenah ya wis digenti kambi merek Sony asli selikur in. Siti paham pisan nek Tarno hobine nonton bal. Siti juga gawe decoder penerima downfeed video digital sekang satelit sing teyeng nampa segala macem gelombang. Arep descrambler-e kaya ngapa. Khusus nggo mantheng ESPN. Ya, jebul pancen jiwane Tarno anu sportif dadi segala macem acara olahraga deweke ya seneng. Ora mung bal-balan, tinju, F1, balap pit motor, balapan jaran, balapan asu (grehon), American Football, apa-apa asal olahraga pokoke seneng. Baseball seneng. Hockey seneng. Hockey suket apa hockey es sing gelut thok, Tarno demen lorone. Gutul olahraga sing aneh-aneh baen, sekang negara ngendi ora, Tarno ya enjoy pisan. Termasuk olahraga bethot-bethotan gaber sekang endi mbuh kaeh asale.

Nek depikir-pikir ya mandan ora umum jannen. Tarno dewek ya gumun. Utamane soal mbecak kiye. Amben esuk garep mangkat mbecak, Siti aweh sangu selawe ewu. Nggo pranti maem awan neng warung menawane durung olih tarikan. Soale Siti mesti pesen kon ora ulih pasang rega. Nek ana wong arep numpak, deangkut bae, mbayare sekarepe wonge. Tur nek ketone wong ora duwe ya apike dejujugna bae garep maring endi. Ora usah dejaluki duwit.

Tapi justru tabiat tukang becak sing kaya kuwe sing palah nggawa rejeki gede. Buktine, meh saben ndina, durung ngasi jam rolas Tarno wis nyekel neng tangan ora mati nek telungpuluh ewu. Kuwe bae wis nganggo acara tulung sing ora liren. Jan asli Tarno tau njaluk ngapura maring calon penumpang sing wis siap garep numpak, kon nggolet becak liyane. Kuwe sewise Tarno  weruh nini-nini bakul godong sing umaeh Tambak Sogra garep bali.

Saking seringe degratisi, nini-nini-ne palah dadi kesuh manja maring Tarno. Ora gelem munggah aring becak karo ngomel-ngomel, ”Ko nek garep pahal, pahal bae, No. Ora usah njujug-njujugna wong bae. Inyong teksi kuwat bali dewek. Kiye duwit ya inyong duwe nggo numpak kol kota.”

Tarno ya sante bae ndabyang nini-nini-ne munggah aring becak, ”Laah, sante bae si ngapa, Ni..”

Lha nek wis kaya kuwe ngko ya ana bae ganti rejekine mbuh kepriwe carane. Ana ujug-ujug deceluk ngewong kon ngrewangi pindahan, kon met klapa, nggawani kacang, wedhus, apa bae. Pokoke bali ngumah rep apa bar ngisa Tarno nggawa bali duwit paling ora seket. Sangune sing selawe wutuh.

Ora krasa dopokan Tarno kambi Tio, kuwe becak wis gutul pedhek ngisor fly-over Kober/Bobosan. Tio medhun aweh duwit sepuluh ewu kambi ngomong matur nuwun. Terus deweke manjat ambal-ambalan maring TKP. Tarno nerusna nggenjot maju terus mlodhos fly-over liwat ngarep stasiun raya terus lurus ngidul maring pertelon pintu.

Kambi nggenjot Tarno ndangak2 mengo nengen ndeleng-ndeleng sepur. Snajan wis depager tembok tapi wong Tarno duwur njagong neng sadel becak maning, dadi dewele teyeng tetep weruh ming njero komplek statsiun.

Tarno ndeleng emplasemen teksi kosong Kutojaya esuk jurusan Jakarta durung masuk. Sebage tukang becak, salah siji sing kudu deapalna ya jam-jam lunga tekane sepur. Kuwe perlu pisan nggo informasi penumpang becak-e sing perlu garep nyepur. Penumpang kuwe bakal ngregani pisan nek bisa olih info kaya kuwe tur nek pas wektune ngepres, Tarno teyeng ngempos kekuatan, ngebut nguber wektu supayane si penumpang aja ngasi ketinggalan sepur.

Pirang meter sekang pertelon pintu, speaker tanda meh ana sepur liwat, moni. Kutojaya-ne masuk. Terus lindhikan palang polang-paleng abang putih medhun nggo nutup gili. Tarno biasa bae siap aweh cung menggok ngetan. Ora urusan kambi suara speaker wong ya ora garep ngliwati ril.

Pas-pasan Tarno nekuk ngarahna becake ngetan, sekang kulon L-300 cowag banter pisan nrombol palang pintu perlintasan sing wis agi seprapat medun. Plos nong, lolos pintune,  mung supire gedandapan ora kontrol, kejeron gole menyak gas. Kana-kanane ndean anu kaget pisan pas cempulek neng ngarepe ana becak lagi nekuk menggok ngetan.

Jarake wis perek pisan. Senajan gole ngerem arep kaya setan midek meri, wis tetep ora kecandak. Senajan uga bantere wis kelong akeh merga rem dadakan sing seporete, tapi tenaga rosa diesel cyclone teksi gede banget pas si L300 nyruduk becake Tarno. Dhuar! Monine. Becak kontal ana nek patang meter, Tarno-ne lewih adoh maning. Sedurunge njedhot mbumi, Tarno mumbul salto dhuwur pisan. Muter-muter neng udara sedurunge tiba seru banget maring aspal cengele dhisit. Dhess!  Senalika Tarno thek sek, jan ora nganggo lara.

--

Hapene Rohman sing agi ngaso njagong neng becak neng ngisor wit, moni. Dedeleng, nomere Tarno memanggil. ”Ya, ngapa..?” Rohman aso nampa telpun.

”Ini betul bapak Rohman?” Udu suarane Tarno. Rohman langsung njegrig siap.

”Ya betul, saya Rohman.”

”Mau ngabari, Pak. Yang megang hape ini, tukang becak, barusan ketabrak mobil. Orangnya sudah meninggal. Sudah dibawa ke Margono.”

Rohman rasane nyawa ilang separo saking kagete. ”Begitu?? Maaf ini siapa, ya??”

”Saya Darso. Yang mbawa korban ke Margono. Pak Rohman apanya, ya?”

“Saya sodaranya, Tarno. Yang megang hape yang sedang dipake njenengan ini namanya Tarno.”

”Ya udah, Mas Rohman nanti ketemu saya saja di Margono. Di UGD.”

”Ya! Matur nuwun, Pak Darso. Saya berangkat sekarang.” Telpun detutup. Rohman awake lemes bules dengkule nlethek. Pikiranne sedhela blong bingung garep ngapa. Pikirane dhong nyaut dhong ora saking serba kaco rasa karo pikire. Teksi semu sadar semu ora deweke mejet nomer. Nomere Dewi, bojone.
--

Robo-pun utawa telpun alat komunikasi antar robot moni. Sing moni kiye nggone Siti, bojone Tarno. Siti medhek nyaut telpun-ne. Sekang sapa maning nek udu sekang Dewi. Sahabat-e sesama robot alias bojone Rohman. ”Ya. Wi? Priben?” Siti nyapa Dewi karo ceria.

”Gyeh, Sit. Kiye ana kabar..” Dewi ngomong kambi nada datar. Ora nana emosi apa-apa. Dewi kelebu robot versi lama sing durung patiya sempurna development-ne dadine ora duwe kelewihan apa2 kecuali lempeng-lempeng bae kaya umum-e mesin.

”Kabar apa?” Siti takon ra sabar. Fasilitas maca gelombang utek utawa prosesor utama pancen depateni nggo robot2 sing deasimilasikena karo menungsa.

”Bojomu Tarno, tabrakan. Mati. Siki jasad-e ana neng Margono. Lha Rohman-e kye agi bali marani aku. Terusan nyamper ko. Ngko dewek wong telu aring Margono bareng.”

Siti meneng sedela. Ngurutna info sing tembe dekrungu sekang Dewi. Tarno? Tabrakan? Mati? Lho, mbengi teksi urip koh? Deteksi kebugaran uga ora aweh warning apa2. Palah mbengi ”labuh” ping telu marem pisan. Esuk pangkat juga seger, mung sambat jere mandan theyol awake. Ya sapa sing ora theyol nek ”labuh” gutul ping telu sewengi. Turune bae tembe setengah loro. Terus siki deneng mati? Apa artine? Meneng bae? Kaya inyong nek tanpa batre? Apa kaya inyong dong prosesorku gagal ngasekan 98%?

”Sit..? Siti?” Rumangsa ora nana respon apa2 sekang Siti.

”O, ya.. ya. Wi. Tek enteni ko.”

”Aja klalen nggawa duwit ya. Nggo mbayar rumah sakit karo rupa2 ngkone sing kudu debayar.”

”Pira?”

”Sepuluh lah. Cukup ndean kuwe. Inyong ya sangu ngko mbok ana kurang2-e.”

”Ya, Wi.” Klik. Dewi mateni robopun-ne disit.

--

Ora ngasi sejam, Rohman, Dewi, lan Siti wis agi ngebut mbecak arah Margono. Dewi, Siti meneng baen tapi Rohman sing nggenjot becak karo sekuat tenagane, uluhe dleweran ora kena de-ndheg. Wong-wong neng nggili pada gumun weruh tukang becak nggawa wadon loro ayu2 pisan tapine koh kambi nangis mingseg2.

--

Neng UGD rombongan Rohman Dewi Siti ketemu karo sing arane Darso. Darso mbalekna hape-ne Tarno karo crita apa sing wis kedadeyan neng pinton kidul stasiun raya. Dewi karo Siti serius nggatekna dong Rohman-ne juga nggatekna karo ora liren2 gole nangis.

”Lha mba2 niki sinten?” Darso ora teyeng nahan ora takon merga weruh ana wadon2 sing ayune ngungkuli bintang sinetron ibukota. Pemandangan sing ora patiya proporsional.

Dewi nyauri. ” Kulo Dewi, Mas Darso, bojone mas Rohman. Lha niki Siti. Garwane almarhum.”

”Oh?” Darso ora teyeng ngumpetna kaget gumune. Masaaloh, bojo2 tukang becak ayu2ne por kaya kiye? Pada ulih ngendi janne? Kaya kuwe Darso mbatin.

Wong2 banjur maring administrasi ngurusi kabehanne. Termasuk juga biaya nyewa ambulan nggo pranti nggawa jasade Tarno. Margono juga nawakna apa jasad garep dedusi neng RS apa dedusi neng umah baen. Siti ngomong, wis dedusi neng RS baen, Tapi Siti tetep kepengin weruh jasade bojone sedurungi debujungi.

RS, wong wis debayar lunas apa-apane, entong gunggung kepruk bangsa nem juta, enteng bae karo seneng njujugna rombongan sing agi sripah aring kamar mayat.

Neng kamar mayat, Rohman sing pertama mbukak kemul sing nggo nutupi mayite Tarno. Ora kuat nahan duka sungkawa, Rohman nangis ngguguk terus gagiyan derangkul Dewi. Siti tenang bae marani Tarno sing wis kaku. Raine dedelengna. Ora nganggo emosi apa2 tapi keton siki nek pandangane Siti mandan aneh ora kaya biasane. Kosong kaya langka sinare terus ndeleng ming titik adoh pisan. Mbuh ora ngerti proses apa sing agi berlangsung neng prosesor utamane.

Tarno ora duwe tatu sing medeni. Tiwas-e jelas merga balung gulune tugel merga nganjab aspal seru pisan. Siti mbukak kemul lewih amba maning. Perawat lanang sing jujug aring kamar mayat gumun ora uwis2 weruh bojo2 tukang becak sing ora mung ayu tapi uga tabah lan kaya wis pasrah nampa takdir-e sing Kuwasa.

Siti agi meriksa secara menyeluruh kabehan unsur matriks uripe jenate. Kabeh wis ora aweh pituduh barang urip. Format energi bioelektrik sing mengokupasi saben sel organ menungsa urip wis ora nana sing urip maning. Kiye merga chakra paling duwur, sing jenenge utek wis ora berfungsi mengkoordinasi distribusi energi maring jalur ida utawa pinggala neng struktur anatomi ghoib-ing menungsa. Kabeh mau merga ”kabel utama” istilahe, kuwe kabel sing liwat siji2 ne neng balung gulu wis pedot mleyod wis ra teyeng deliwati aliran energi murni wong urip maning.

Sante bae, nglimpekna wong weruh. Pas Rohman agi deneng-neng dening bojone, terus perawat-perawat lanang uga agi sibuk nyiapna abrag nggo pranti ngedusi jasade Tarno. Siti, kambi kukune sing mandan dawa tapi teyeng landep banget ngungkuli cutter sablon, alonan tapi pasti mbeset pentil susune Tarno. Loro2ne; Alon tapi langsung prithil. Pentil2 kuwe banjur dewadahi botol cilik sing terus detutup rapet delebokena maring tas tanganne.

--

Tarno dekubur dina kuwe juga pas Ashar. Wengine deanakna tahlilan neng umahe. Siti, neng ngarepe warga ya keton biasa baen. Kuwe sing marakna waga mandan gumun. Ingatase bar kelangan bojo tapine ko ya tetep bae keton biasa kaya ora nana apa2. Nyiapaken wedang suguhan sing lumrahe nggo ngrakabi wong pada tahlilan.

Mbasan wong2 sing tahlilan pada bali, umah dadi sepi. Rohman sing teksi kemudu-kudu nangis bae, nurute Dewi apike degawa bali. Dewi ora kesel-kesele gole ngeneng-neng. Kepriwe kon ora krasa semedhot sing ora umum, atine Rohman. Tarno kuwe balane wis mataun-taun. Guyon, madang-nginum, utang-utangan, ngantekan mbojo uga olih pada2 robot sing ayune eram. Pokoke langka dina sing ora tau lat Tarno mesti ana. Lha siki, sapa sing teyeng dejek gendhu2 rasa. Dejek penjorangan. Dejek ini itu lumrahe wong lanangan kepriwe angger wis saking perek-e.

Siti neng umah agi turu miring sinambi ngecas batre mlebung silit. Biasane nek turu miring kaya kiye neng ngarepe pesti ana Tarno. Tarno sing glibagan ora nggenah urung teyeng turu, ngenteni Siti cukup gole ngecas lan nek wis pancen cukup, wis mesti banjur biasane, “labuh”. “Labuh” sing mat pisan. Sing se ronde-ne ora cukup setengah jam. Nganggo gaya apa bae. Gaya jawa, gaya korea, gaya sri lanka, gaya afrika.. wis pokoke kabeh gaya delakoni.

Siti sawijining versi robot sing wis deprogram cukup sempurna. Sing wis duwe komponen indikator kepuasan sing persis kaya sing deduweni wong wadon normal. Dadi nek gengsot gutul wektu tertentu, indikator kuwe juga gutul angka maksimal sing agawe respon sempurna kaya ngapa wong wadon nek agi kemaremen orgasme. Kosok baline, Tarno, fisike apik pisan. Sebage tukang becak sing kecadong pangan cukup lan bergizi tinggi, kekuatanne bab “labuh-berlabuh” ora umum kuwate. Indikator orgasme-ne Siti mesti mentok paling sithike ping telu ping pat. Ketera nek wis pancen ora kuwat, Sitine mesti terus angob dawa pisan sing marakna Tarno sadar, bahwa nek wis kaya kuwe deweke kudu liren. Perlu wektu nggo ngecas Siti maning men ora kebanjur semaput.

Siki kasur-amben dadi krasa amba pisan. Siti ngematna bagiyan sing biasa deglethaki Tarno. Kosong melompong.  Alon tapi pesti ana gejala rasa biokemoelektis sing Siti dewek ora teyeng nggambarna kaya ngapa rasane. Dadane kaya ana puseran energi kaco sing marakna, pertama duplikat detak jangtung sing nguja degawe men semangkin mirip menungsa tambah banter gole deg-degan.

Ora let suwe sekang gejala puseran neng dada tambah kuwat. Apa sing kedadeyan seuwise tambah aneh pisan kanggo bangsane robot. Kantong liquid sing diinstalasi neng seputaran mata kaya luber. Saking lubere terus mbanjir aring mata merga saluran kantong liquid kuwe pancen ujunge neng mata, Tambah suwe tambah akeh. Tambah kenceng puseran energi kaco neng dada, tambah deres kuwe banyu mata mbanjir lan ndlewer metu kang mata mili mari ngisor tung rai utamane liwat pipi.

Prosesor utama sing neng endase Siti kaya buntu. Buntu ora teyeng aweh instruksi apa2 nggo ndendheg kacone puseran neng dada. Ora teyeng aweh instruksi men kantong cairan neng seputer mata mandheg gole produksi banyu. Gelem ora gelem Siti akhire ngejorna bae proses sing deweke selama kiye pancen durung tau olih pemrograman sing pas nggo nanggulangi simptom sing agi dealami.

Siti sidane paham. Kenangapa Rohman juga metu banyu matane ora uwis2 rikala ngerti balane mati. Siti weruh kuwe. Sepet methuk, ming Margono, selama neng Margono, pas ngubur, pas tahlilan, pas kabehane. Jan ora mandeg2 Rohman gole ngetokna banyu mata.

Siti juga yakin. Dadane Rohman pesti ya kepengin njeblug rasane. Persis kaya sing agi derasakna Siti saiki. Kuwe miki, jenenge akibat. Akibat detinggal mati wong sing wis bangeting rakete. Banget pereke. Mati artine meneng bae. Ora teyeng deseng ngomong maning. Ora teyeng obah maning. Ora teyeng glewehan maning.

Awan, sepeninggal Tarno, Siti tetep nglakoni pegaweyan kaya biasane. Ngurusi gawe lemon. Adol endhog bebek, lan dol tinuku valas nganggo komputer. Ana siji sing deweke ora nglakoni maning. Masak. Nyepakaken pangane Tarno. Nggo ngapa masak nek langka sing garep mangan. Na, pas kemutan sing bangsa kaya kiye, maning. Dadane Siti bunek maning. Terus ujunge sing jenenge banyu mata ya langsung bae ndlewer banjir kaya anu ora kekontrol

Siti takon ming Dewi bab apa sing agi dealami. Sekang Dewi Siti ora ulih wangsulan sing gawe marem. Teyeng depahami. Dewi kuwe robot sing dirilis pirang taun sedurunge Siti. Perkembangan development-ne Siti cukup adoh nek debandingna karo Dewi. Ya uwis. Siti akhire balik maring awake dewek. Njajal nganalisa sapa ngerti teyeng nemokna jawab, sebab apa kabeh kiye kedadeyan.

Sedina rong ndina kabeh teksih katon biasa baen. Dina ketelu, kaya lumrahe, ana tahlilan nelung ndina. Ngko dina ping pitune, uga tahlilan. Ngko antarane sewulan sewise mitung dina ana matang puluh. Mbesuk ngarepe maning nyatus. Mendak siji, loro, lan terakhir puncake kuwe nyewu. Sisan pungkasan biasane karo upacara ngijing makame si mati.

Rampung tahlilan mitung ndina, Siti jan krasa wis ora kuwat maning. Ora kuwat secara teknis. Kenapa enggane kondisi dirine sebage mesin koh teyeng ora karu-karuwan kaya kiye rasane. Merga kuwe deweke cepak-cepak. Tas koper cilik isi perlengkapan teknis, cas-casan bangsane desiapna. Ora klalen botol cilik isi pethilan pentile almarhum delebokna ngkono sisan.

Mantep tekad-e uwis. Siti garep aring Srandhil. Aring portal sing teyeng nggawa deweke balik maring Vimanapura. Vimanapura kuwe stasiun luar angkasa sing ngorbit geostasioner. Mangkal persis neng nduwure samudera Hindia sekidul pulau Jawa. Stasiun sing fasilitase cukup lengkap duwekke ras nordic asale sekang gugus bintang Alpha Centauri.

Sekang kono asale Dewi, Siti, lan robot2 liyane sing semebar neng pirang2 nggon neng Jawa. Sing tugas lan misine aweh pituduh kabecikan. Ngrewangi sing susah. Ibarate marahi lan aweh pancing supaya teyeng ningkatna taraf hidupe menungsa2 kuwe dewek.

Dewi, Siti bangsane deproduksi neng divisi perbengkelan. Divisi sing dikepalai neng menungsa Nordic sing arane Varadil. Varadil lan staf2-e kuwe sing bertanggung jawab mbangun robot2 pinter sing penampilanne juga yahud, kumplit karo aneka kepinteran sing diarepna teyeng migunani neng bumi. Varadil menungsa sing jelas cerdas luar biasa tambah wicaksana juga. Maring beliau, Siti nemoni langsung.

--

”Ana apa jannen, Sit?” Varadil takon kambi ngelus-elus jenggote sing putih perak.

”Niki, Mbah. Kulo bingung.” Siti mangsuli karo ndekukul.

”Bingung ana apa, lah. Nyante bae si ngapa..”

”Mboten ngoten, Mbah.. Niki kula sepet detinggal pejah Mas Tarno, koh dadane kula kados bade njeblug mawon rasane, nggih. Teras.. niki mata medal toya-ne teras. Anu kenging napa janne nggih niki, Mbah?”

”He..he..he..,” Varadil ngekek wicaksana. Deweke nerusna, ”Kuwe Sit, kowe pancen degawe jan meh persis wujud jalma menungsa.”

”Maksudipun, Mbah?”

”Maksude.. Inyong karo kanca2ku wis teyeng gawe elemen sing kerjane persis kaya jantung menungsa, sing proses utamane nyuplai sumber daya maring prosesor utama sing ana neng njero endasmu kuwe. Tur... sepisan maning, prosesor utama sing kepasang neng endhasmu jan-janne teyeng deomongna produk sing paling anyar. Kuwe bener 2128bit jalur data. Ping papate debandingna karo sing denggo neng Dewi. Bojone Rohman.”

”Unggule napa, Mbah?”

”Unggule ya kowe wis udu robot maning aranne. Kowe wis kelebu human-cyborg, cara Inggrise. Apa desingkat humborg.”

“Saged napa mawon niku, Mbah?”

“Ya sithik akehe ko wis kena domong plek menungsa bumi. Mung ko adoh lewih cerdas merga jalur prana sekang generatormu langsung lancar gutul prosesor. Ora nana sing ngalangi. Tapi ya kuwe, sebab kebijakan sekang nduwur, tetep ko kemampuan baca jarak jauh pikiran ngewong utawa prosesor robot liyane, depateni.” Varadil ambegan sedhela, “kuwe nguja men kowe bener-bener bisa baur karo menungsa bumi umume.” Varadil mandeng Siti. ”Lha siki karepmu apa, Sit?”

Tanpa tedeng aling2 Siti matur, ”Kula kepengin kalih Mas Tarno malih, Mbah.”

Varadil ngunjal ambegan kambi terus mandeng Siti. ”Ora teyeng, Sit.” Gedheg. ”Dekapak-kapakna tetep ora teyeng. Jasad-e Tarno wis dependem. Maning wis pirang ndina, seprene?”

”Mpun wolung dinten, Mbah.”

”Ya wis jelas ora teyeng, Sit. Bakteri bumi wis mulai nggerogoti jasade Tarno. Wis molai bosok. Ora teyeng dedandani, kaya ngapa ampuhe ahli kosmetik-e dewek.”

”Tapi kulo mbekta niki, Mbah.” Siti nidokna botol vakum cilik isi pethilan pentile Tarno. Botole diaturna ming Varadil. Varadil nampa terus demataken neng isor padangan.

”Kiye pentil, ya?”

”Inggih, Mbah.”

”Hmmm.. bagus kondisine..” Varadil manggut2 kambi molak malik botol neng ngisor padangan. ”Teyeng siy, nganggo kiye, dewek gawe kloning wujud Tarno persis. Sepersis-persis-e. Mung..”

”Mung napa, Mbah..?

”Emut, Sit.. neng wujud menungsa kuwe ana rong matriks. Matriks jasad karo matriks jiwa. Bener dewek teyeng gawe kloning-e Tarno. Terus depasangi matriks jiwa juga. Dijiotaken jiwa sing teksih klambrangan sedurunge mlebu lapangan akhasic. Tapi.. Tapi apa iya ngko kowe cocog karo jiwa-ne mbuh sapa sing delebokaken aring matriks jasad-e Tarno.”

”Inggih, Mbah. Mbahe leres lho..” Siti mengo mandeng titik kosong.

“Sebab sing decocogi neng ko kuwe udu liya mung jiwane Tarno.” Varadil mikir-mikir. ”Oya.. tembe wolung ndina ko ngomong miki, Sit?”

“Inggih, Mbah.” Siti mengo maning maring Varadil. Sinar matane mantan murup tanda ana muncul maning harapan.

”Ya wis kaya kiye bae. Kiye untung-untungan. Matriks jiwa sing wis pegat sekang matriks jasade, sedurunge kendang ming kali klambrangan sing ngko butule neng lapangan akhasic, teksih sliwar-sliwer neng kono-kono bae. Mangsude neng bumi. Terutama neng nggon-nggon sing biasa di tekani selawase urip.” Varadil mlaku maring workshope karo ngomong, ”enteni sedhela, Sit.”

Antarane setengah jam Varadil metu maning nggawa barang rupa kalung kumplit karo liontinne. Liontine bentuk ati warnane bening.

 ”Sit, kiye liontin isi liquid perwitasari. Matriks jiwa teyeng manjing neng kene. Asal sing nganggo duwe iketan batin sing kuat karo matriks jiwa sing garep manjing. Dadi siki kowe ngider-ngider baen marin nggon-nggon sing biasa diparani Tarno. Lha nek ruh utawa matriks jiwa ne Tarno wis manjing, liontin kiye kelire malik. Wis ora bening maning. Tapi kelire malik dadi abang tua kaya kelir ati pitik. Pokoke batese ko mung patangpuluh dina. Nek gutul patangpuluh dina, liontin mu durung malik kelire, ya wis. Lilakaken. Nyong ora teyeng apa2.”

Siti nampa kalung sekang Varadil. Terus langsung denggo.

”Wis nganah, ko balik ming umahmu Praketa. Kiye pentile Tarno langsung tek gawe kloning-e. Sing ngati-ati ya, Sit.”

”Inggih, Mbah. Matur sembah suwun sanget ..”

”Ya, yaa...” Varadil bali mlebu maring ruang kerjane kambi gedheg2. Mbatin, ealaaa robot baen nganggo acara cinta berat mbireng. Jaaan.. ana-ana baen..

CERPEN: Tetralogi Siti (Jilid 3)



“NGREWANGI BOJO GOLET DHUWIT”
 Anggitane: Jikin Favorit


Lawong anu robot ya wis mantese nek Siti duwe kecerdasan buatan (AI) karo tenaga pisik sing ora lumrah. Uteke kuwe mesin elektrorganik sing kekuatane lewih ping sewune prosesor 128bit gaweyan Amerika sing durung delempar ming pasaran. Amerika pancen cok kaya kuwe polaeh. Barang sing paling canggih denggo disit neng militere, ngko nek wis rolas taun tembe dedol maring masarakat.

Tapi dekapak-kapakna tetep, bangsa julig kaya Amerika, kalah kambi wong laku tapa lan begja. Contone ya Rohman kambi Tarno. Selilik alam logika materi kalah kambi samadhi lan dharma yoga. Laku bhakti maring bhagavad kaya sing delakoni Rohman neng Srandil, derungokna neng para alien sing kambi wong gemiyen desebute dewa. Jelas para alien ngrungokna getaranne atine wong pasrah ngalah maring semesta lan siap nampa prentah dharma apa sing kudu delakoni terus gagiyan aweh hadiyah ya kuwe robo crot sing ayu, pinter tur kuat luar biasa, terus sing paling penting manut kambi lanangane. Ora tau jere aseng gegoh gara-gara ekonomi, cemburu, apa apaha.

La siki Siti. Siti kuwe wis wujude ayu seksi ambune wangi pisan, esuk2 jam papat wis gregah tangi, nyopot cas2ane, terus maring sumur nimba ngangsu. Tarno sing teksih ngorok keselen wong mbengine tangkur kambi Siti paling sithike pindo, babar pisan ora krungu grajag-grujug bak deisi, kambi gemlothekane Siti neng ndapur nggodhog jarang, masak, karo liya-liyane.

Ora mung kuwe thok. Rampung neng ndapur Sitine maring kebon sepethil neng mburi umah, ngrumati pitik buras sing jumlahe ana nek patang puluh. Neng kana Siti ngumpulna mbelek neng luwangan cilik sing ngkone dedadekna lemon KW 1 sing wis delanggan neng bakul taneman. Kuwe udu lemon kandang biasa. Teksi deoplos kambi formula spesial, uyuhe Tarno sing mesthi thurr maring bekas botol air mineral, kulit gedang bosok, plus solar diesel semending. (Sapa bae sing maca kiye aja tiru. Sebab takerane pira-pira kambi fermentasine kepriwe, utek bangsa menungsa urung nyandhak.)

Hasile? Begitu dewuwuri lemon oplosane Siti, lemah dadi gembur subur dalem wektu kurang sekang setengah jam. Tanduranne seger-seger lemu, nek kembang yang ngembang seporete sing kwalitase luar biasa.

Lemon adole patang ndina sepisan. Produksine ora akeh, terus mesti detuku kabeh neng Muslih. Muslih karepe seakeh-akehe tur gelem bayar ngarep. Tapi Siti ora kemaruk. Deweke ngomong apik-apik kambi Muslih nek teyenge gawe pancen mung semeno. Kambi ngiler-ngiler ngematna ayune Siti, Muslih sering meksa, ”Mpun la Mba’, kulo modali nggoh, ndamel teng pekarangane kulo. Betah pinten danane mengkin kulo ontenaken.”

”Mboten la Mas Muslih. Semonten kulo mpun seneng. Sekawan ndinten sepindah angsal seket ewu saking njenengan, mpun seneng kulo.” Jawabane Siti.

”Mindhak nggih kulo purun koh, Mba’ Siti. Kulo bayar wolung ndoso nggih purun. Supados njenengan berkembang, produksine tambah kathah.”

“La mboten lah. Seket mawon, mpun. Mengkin bathine njenengan kelong.”

Terus sekang pitik jawa sing dearah endhoge. Wong cara ngrumate top, saben ndina pitik pada ngendhog sing hasile ora kurang sekang telung puluh lima blindi.

Endhog sing njioti bakul jamu gendhong. Ana loro bakul jamune. Sumiyah karo Ntik. Lorone wong Solo, lenjeh2 pisan tapi apikan. Pira ana endhog debagi loro kambi bakul-bakul jamu kuwe. Siti gole adol siji gope. Limangatus perak. Sumiyah karo Ntik ora tau lat njiot endhog tur bayare tunai. Dadi sekang endhog Siti olih paling ora limolas ewu sedina. Lumayan.

Tarno tetep mbecak. Mung siki sepet olih Siti ana sing beda. Tenagane tikel gole rosa. Kuwe merga pangane Tarno menu sing luar biasa. Menu universal soldier. Endhog ayam jawa ora tau lat. Oseng cacing hasil olahane siti (na masalah cacing kiye Tarno barengan karo pitik-pitik ingonane Siti). Siti pancen mbudidaya cacing neng bekas bathtub. Cacinge spesies pilihan. Nggolet bibite neng pilar brug sepur kali jurig Tanjung. Cacing super khasiat, lawong ngerti dhewek uripe bae neng banon brug sepur gaweyan landa.

Durung nek Siti pas nemu ula. Semur ula masakane Siti kuwe menambah vitalitas wong lanang secara signifikan. Dadine apa? Tarno gole mbecak ora kesel-kesel. Bolak-balik Sokaraja – Karanglewas ping pitu ya paling ngos-ngosan semendhing. Rutin nggawa beras kwintalan sekang selipan neng Padamara ming Pasar Wage ya aso bae. Wong tau sore-sore pas grimis neng ngarep Tirkem ana mas-mas loro neng bakul rokok detawani neng Tarno, ”Becak nopo, Mas?”

Mas-mas loro kuwe ketone anu pancen wong mandan sarap tur nggaya, kaya anu ngece ming Tarno, ”Ming Baturraden gelem, Pak?”

”Monggoh..” Tarno gole njawab sante.

“Kuat apa, Pak?” Teksi nada ngece.

“Insyaaloh..” Tarno gole njawab serius.

Lha, wong sing detawani mbecak kuwe ketonne panas ndeleng sante-ne Tarno. ”Nek rong jam gutul, tek bayar rong atus ewu, Pak. Nyong wong loro lho kiye.”

Tarno tetep sante bae gole nyauri, “Mboten sisah kalih jam, sejam kirang mawon dugi ko, Mas.”

“Ya, wis! Nek sejam gutul tek bayar limangatus ewu, Pak!”

Wong loro terus pada numpak becak ngetan, prapatan DKT terus ngalor. Baturraden. Jan bener, ora ngasik sejam, penumpang-penumpange Tarno pada njaluk setop neng ngarep gang Sadar. Cung, Tarno debayar gope jeng. Bubar ngomong matur nuwun, Tarno langsung kliyus medhun. Wong loro penumpange Tarno sing arep pada nlembug mlongo gumun ora etung. Sing ngetokna duwit gope jeng belajar hikmah, nek mengko-mengko ora maning-maning gelem ngremehna ngewong.

Manut intruksine Rohmah, pira-pira olihe duwit Tarno setor maring Siti. Lawong sepisan maning Siti anu robo crot, duwit pira-pira sing deolih ya ora deborosna apa nggo tukoni barang sing ora perlu. Duwit-duwit kuwe mau deatur, dekumpulna, deblanjakna sing jitu lan tambah akeh dadine..

Antarane wolung wulan Siti mlaku kambi Tarno, Siti niliki celengane. Jumlahe ana nem juta kurang semending. Pas kuwe awan2, Tarno pas agi andhong. Weruh dhuwit semeno Siti terus meneng matane merem. Utek robote mikir, kuwe dhuwit arep dekapakna.

Mbasan wis hening antarane seprapat jam, algoritma bisnis neng uteke robot Siti ketemu jawab. Siti ganti klambi, dandan seperlune tapi jan wong anu wis ayu banget dadi tambah mencorong bae. Siti metu, nunggang kol kota maring jurusan Unsoed.

Neng daerah Unsoed Siti golet toko sing adoli peripheral komputer. Neng kono Siti tuku motherboard ASUS P5-KPL, Pentium Dual Core 2.4GHz, Harddisk 320GB, memori 1GB, casing, keyboard mouse kambi monitor bekas. Bar kuwe Siti tuku CD Windows XP Professional bajakan, karo CD kumpulan software internet/jaringan. Ora klalen Siti tuku modem GSM USB sisan kambi kertu IM2 ne. Gunggung kepruk entonge telung juta lewih semending.

Gutul ngumah gagiyan komputere derakit deinstall terus dejajal online. Siti wis ngetung, sinyal Indosat full neng njero umah. Dadi modem ora tau medun ming GPRS. Terus-terusan HSDPA. Siti marem pisan kambi situasine. Rampung kabeh, Siti terus ming ndapur masak nggo Tarno sing dhela mening bali.

Wengi kambi nonton tivi, Siti ngomong ming Tarno. ”Mas Tarno, ngenjing teng bank ’nggoh, damel rekening tabungan.”

Tarno mandan kaget, ”Neng bank? Akeh apa duwitmu?”

”Nggih boten kathah, Mas. Tapi saene nggih damel tabungan. Supados artone mboten mlarah-mlarah. Kerso mbok, Mas?”

“La ya sekarepmu lah, Sit. Ko sing pinter. Tapi siki enake pada labuh baeh yuh.. Ngesuk ming bank.” Tarno cengar-cengir penuh arti. Sitine nanggapi. Jelase wong loro langsung pada gulat Mesir neng amben.

Ngesuke nunggang becak, Tarno sing nggenjot, Siti ming bank. Neng bank Tarno de-ndheg neng satpam. Satpam-e ngomong kambi Siti, “Bu, tukang becaknya bisa tunggu di luar saja?”

Kambi mesem manis pisan Siti nyauri, ”Oh ini suami saya, Pak. Dia mau buka rekening.” Satpam-e langsung puyeng endhase. Ora teyeng ngomong apa2 mung ngejorna Tarno melu mlebu.

CS bank sing mlowes juga ora kurang gole mlongo weruh wong ayu pisan nggandheng mesra tukang becak kemringet kathok pendhekan. Tambah mlongo maning basan ngerti nek wong ayu kuwe mbimbing bojone sing tukang becak bukak rekening.

Plung, duwit rong juta setengah detabung. Telung ndina sewise kertu ATM karo internet banking siap pake, Siti online. Pertama, deweke ngemail online money changer lokal sing pada2 duwe account neng situs pelayanan deposit-bayar Amerika sing Siti wis ngecek bonafiditase, karo pada2 duwe account neng bank-e Siti. Terus karo internet banking Siti transfer ming money changer, tuku dolar sisan prentah supayane deisekna ming account situs pelayanan deposit-bayar sing neng Amerika.

Sedela bae Siti wis duwe rong atus dolar Amerika neng njero account pelayanan deposit-bayar. Sekang duwit kuwe Siti nyewa remote server IP statis neng penyedia server/host. Sewulan biayane ora ngasi rong puluh dolar. Siti bayar nggo telung wulan sisan.

Wis beres urusan server, Siti ndaftar dadi trader neng pedagang valuta asing online sing sedurunge Siti juga wis ngecek kebonafidanne. Sekang kono Siti download software trading-e. Lha, software kuwe banjur deinstallna ming remote server sewan sing ora ngasi rong puluh dolar sewulan sewane miki.

Neng kene robo crot Siti maenkan. Software trading kuwe kerjane adol apa tuku maring valuta asing sing diinginkan. Nah tukune nganggo duwite Siti sing wis desetorna maring pedagang gede pas ndaftar. Siti setor setara US$110. Valuta sing denggo jago bebas, terserah trader. Ora perlu repot, Siti nyekel Euro.

Software trading bisa kerja manual, artine trader mendelik bae neng ngarep komputer terus ambil keputusan kapan adol kapan tuku. Selain manual, software kuwe juga nyediakna nggon nggo trader masang program otomatis. Dadi program kuwe sing mikir kapan tuku kapan adol berdasarkan analisa statistik, historis, lan macem-macem sekang pergerakan perdagangan sing wis liwat.

Tapi jenenge program otomatis, sepinter-pintere sing gawe tetep ora bisa ngalahna alam. Pancen sih, akeh sing bisa pahal sekang program otomatis sing regane larang-larang pisan, tapi sering ya blong. Tuna.

Siti gawe program otomatis dewek. Algoritma-ne kenthir. Sepinter-pintere bedig Wall Street, apa Nikkei ora nana sing bisa nandingi otomat-e Siti. Jan rapet-pet analisane. Nganggo rumus probabilitas alam semesta sing integral-e rangkep telu tur siklik. Sing angger jenate Taylor apa McLaurin nganalisa, bisa semaput (Taylor-McLaurin kuwe mpu-ne matematika kalkulus empirik sing angger teorema-ne denggo jere teyeng nggo ndeleng setan).

Blus, otomat-e Siti detemplekna ming software trading sing wis deinstall neng remote server. Thul-thul-thul otomat-e Siti dodolan dewek. Siti-ne ya wis ora urusan maning. Jor kon golet duwit dewek kuwe otomat. Siti tetep rutin ngrumat Tarno, ngurusi pitik kambi gawe lemon tanduran.

Dalem tempoh limang ndina dina trading New York, modale Siti  sing satus sepuluh dolar wis dadi US$192. Berarti Siti bathi wolungpuluh ro dolar. Berarti sedina rata-rata Siti cwan wolulas dolar. Bathi kuwe decemplungna maning nggo modal.

Minggu ngarepe modale wis dadi US$314. Minggu ketelu dadi US$550. Genep sewulan trading modal dadi US$702. Sewulan lewih rong ndina modal wis US$ 812. Stop. Siti mandheg nyemplungna bathi maring modal. Cukup neng wolungatus dolar baen. Siki gari pahal.

Molai sewulan lewih telung patang ndina sepet Siti ndeleng celengan terus ngrakit komputer, pengasilane rutin saben ndina kurang lewih US$60. Depotong kurang lewih limang dolar sedina nggo jagan operasional, ekuivalen US$55 blus maring rekening bank-e Tarno. Saben ndina. Siti mung perlu ketak-ketik seprapat jam neng komputer-e. Tarno-ne ora ngerti apa2. Asik bae nggenjot becake turut gili Purwokerto.

Setahun wis, Siti gandheng kambi Tarno. Sore-sore Rohman karo Dewi mertamu. Maksude garep ngrayakna anniversary Siti-Tarno.

”Ealah tumben pada rawuh..” Siti nyambut para dayoh.

“Lheeuh, setaunan, mbok. Pesta mbokan.” Rohman ngemutna.

“Eh enggih, nggih. Setaun pas niki mpun, Mas Rohman.” Siti ngguyu. Tarno metu sekang njero bar adus.

“Setaun ya, Man. Ora krasa..” Jere Tarno.

”Enggih nggoh pesta mawon. Maeman teng pundi nggoh?” Jere Siti.

Siti banjur dandan. Siap-siap. Tarno juga. Basan uwis wong papat pada lunga becak-becakan. Sing wadon njagong sing lanang nggenjot.

Weruh mesin ATM Siti matur ming Tarno nyuwun mandheg. Tarno degandeng mlebu ATM. Kartu delebokna Siti narik limang juta. Tarno neng jejere sing weruh kabeh transaksi mlongo weruh duwit limang juta. ”Deneng akeh temen manake ya, Sit, ujarku ganu nyelengine mung rong juta setengah? Halal ora kuwe bank, ya?” Mbasan weruh saldone Tarno tambah njimprak. Ala’elhaaa..

Walhasil, wengi kuwe, Tarno karo Rohman ora nginum anggur cap Ortu sebotol nggo barengan maning. Tapi tenggun siki. Nginume sing botole lemu ora kaya botol kecap utawa botol syrup Marjan. Botole siki sing desogna rak kayu deglethakna turon monconge desumpel gabus gole mbukak kambi ontrek titit bebek monine PLOK!

CERPEN: Tetralogi Siti (Jilid 2)



Pembaca wis kenal Tarno kambi Siti mbok? (neng crita sedurunge kiye "SITI") Naaa kiye kelanjutan critane. Kaya biasa. Pesenku bahwa kiye crita saru. Dadi aja ngasi kewaca bocah sing urung umur. Mbok kebrangas. Bisa gawat...

“ M L E C E H “
 Anggitane: Jikin Favorit


Trrrr, robopun-e Siti moni. “Haloo…” Suarane Siti nampa telpun lirih lemes. Deweke ngglethak miring neng amben, kabel cas nancleb neng silite.

“Sit?” Dewi suarane bening sehat wal afiat.

“Iyaa, Wi, ana apaa…?” Siti nyauri kambi liyer-liyer. Batrene tembe keisi patangpuluh persen.

“Kayong anu lemes temen rika? Lagi ngecas ya?”

”Iyaa kyee, jan ket mau uwis kooh, urung kebek-kebek.”

”Deneng dhela-dhela ngecas?” Dewi janne ngerti jawabe tapi tetep takon.

”Genah ko laa, Wi.. Mas Tarno anu ora gelem liren siy dadi.. Anu labuuh baen, karepe. Mbok ya mengko-mengko maning apa ngapa yaa.. Kiye ora, mentiung dhela, desongkel-songkel maning, ya terus labuh maning..”

”Dadi ping pira kuwe sedina?”

“Laaa ping sewelas mboran. Ora etungan uwis.”

“Lha siki deneng agi ora labuh? Mas Tarnone maring ngendi?”

”Mleceh gendhele, Wi. Untung guweh, dadi lara angger denggo. Mulane siki nyong kober ngecas, ya. Terus Mas Tarno miki metu nggawa becak. Anu garep nyicil andong ndean.”

“Ya iya jelas baen mleceh yaa, nek sedina degesrek ngasi ping sewelas. Tapi gagiyan kuwe, Sit, detambani. Mbok kelaut ngoreng ngko lho..”

“Iya sedhela kiye, nek wis paling ora pitungpuluh persen batreku, tek ming toko empan pitik. Tuku obat.”

“Deneng maring toko empan pitik?? Tuku sulfanilamide bae si, gelis garing, embok..”

”Ooo aja, Wi. Sulfa kuwe nggo titit bocah sing tembe desepiti. Titit tukang becak ora pasah detambani kuwe. Cocogee, kapsul tetra pitik. Kaeh lho, cing cok nggo nambani jago bangkok pas agi babak belur menawa tes tarung. Dadi kapsule debukak, terus glepunge deuwur-uwurna ming nggon sing mleceh. Kuwe sejam bae wis gelem garing, Wi. Asal aja decuwiki, tempo telung ndina wis teyeng denggo maning.”

“Apa tek tukokna gye siki, ko neng umah baen?” Dewi, robot sing baik hati, nawakna pitulungan ming Siti, kancane sesama robot sing baik hati juga.

”Ya matur nuwun banget, Wi. Ora usah tuku akeh-akeh. Papat bae cukup. Siji paling satus seket perak.”

-----

Rohman tes njujugna ewong maring Moro, nggenjot becake maring nggon ngisor wit gedhe. Neng kono ana becake Tarno kambi Tarnone sisan agi njagong neng jok penumpang. Rohman ndeleng Tarno kaya anu agi ora kepenak ngawak. Gagiyan deweke marani.

Tarno ngerti Rohman teka, tapi ora tau-taune deweke ora ngadeg ora ngapa, tetep njagong bae neng njero becak kambi lenger-lenger. Dengkule nlethek.

Rohman medhek, “Lheee, No.. Mriyang apa enggane? Kayong lemes temen?”

“Genah koh la kiye, Man. Nggreges awake.” Basan dematna jebule Tarno juga agi nyengkiwing clananane bagiyan ngarep. Bagiyan pe-pe-o.

”Deneng decengkiwingi kyeh..?” Rohman garep nyenggol pe-pe-o ne Tarno.

Tarno njimprak, ”Ish! Aja decawel, Man. Anu agi mleceh kyee..”

Rohman ngakak, “Mleceh?? Mleceh ngendine laa?”

“Neng gandhel nduwur, Man. Asli perih pisan.”

”Mulane ya mulane.. Wis tek warahi kon aja kegothoten yaa. Kuwe siki akibate.” Rohman geget ngakak-ngakak.

”Seeh la, palah gemuyu bae, ko..”

”Endi ndeleng kaya ngapa mlecehe?”

Sewise clingak-clinguk dhingin, Tarno mlorodna clanane semending, nidokna  barange cing agi mleceh. Rohman ngematna kambi geget-geget melas.

”Alalaw, iya lho. Deneng bisa mleceh kaya guwe cih?” Rohman gedhek2 weruh pistul poal kulite semendhing.

”Domong si domong.. ssh..,” Tarno mbenerna clanane maning.

”Hanjap ping pira si, No?” Rohmane gumun2 mlongo.

”Alaaesh mbuh ra etung.”

”Mbok anu wis tek waraih, ko, kon aja kegothoten. Aso bae. Ora maring endi2 ikih. Ngesuk2 maning toli teyeng.”

”Seeh la, genah nyamleng pisan ko laa. Sssh.. aduh.. duh..”

Rohman ngemek bathuke Tarno, ”Gye, anget ko, gye. Mriyang kiye arane. Bali bae njuh, tek jujukna. Becakmu tinggal kene bae.”

”Iya.. ya. Ssh..duuh.”

----------

Pas Dewi teka, Siti wis bregas. Wis ora agi decas. Deweke agi neng ndapur nyiapna masakan. Ngerti Dewi teka, Siti akon kon terus meng ndapur baen.

”Iwak apa kuwe, Sit?” Dewi takon mbasan weruh Siti lagi ngiris-iris kaya iwak tapi dawa.

”Udu iwak kye. Anu ula dumung sendok, ngarah miki neng mburi.”

”Ooow, men mlecehe enggal garing ya?”

”Hmmm-emm..”

”Garep demasak apa, Sit?” Dewi medhek.

”Laa ya minimalis bae lah. Kecap bawang uyah mrica.”

”Anu ketuwan apa ya ulane.” Dewi komentar ndeleng ulane gede dawa.

”Ora, Wi. Pancen anu turunan gede. Kiye petunge anak. Indange palah gede banget, se lengen bocah. Garep tek cekel indange melas, anu wis tuwa pisan tur sarine ya wis tipis.”

“Upas-e dearah pora, miki?”

“Iya. Wis tek detox palah kuwe. Gari kultur sel pasif-e.” Siti nidokna cairan bening semending neng njero gelas.

”Decampurna ming duduh? Apa deinumna langsung?”

”Neng duduh baela kon ora ketera. Marase mbok Mas Tarno gigu ngerti anu barang sekang ula dumung. Hehe. Eh, aja ngomong kiye kicik semur ula ya, Wi.”

”Lha terus ngomong iwak apa? Trenggiling? Lawong neng kene endi ana trenggiling.”

”Ngomong bae kikil kidang. Anu ko dewehi ngewong.”

”Iya, wis. Ya.”

------

Krengket2 becake Rohman gutul umaeh Tarno. Basan mandeg, Tarno medun dewek terus mlaku depapah Rohman. Tetep kambi nyengkiwing clanane neng bagiyan pe-pe-o. Tarnone mandan isin nganggo depapah mbireng, “Ngalih, Man, laa usah dedabyang-dabyang. Kaya garep mbabar baen..ssh..”

Rohman geget, “Hehehee, iya ngonoh mlaku dewek. Teyeng nggo crita ngko, ngkanane Tarno gabere mleceh kakehen emprut.”

“His! Usah sembarangan, Man. Kiye bab rahasia total. Masalah paling primpen. Mung ko thok sing olih weruh.”

“Iya. Ya. Tenang bae. Nyong ya ngerti laa, ora mungkin tek sebar2 na. Eh deneng ana bojoku kae.”

Wong pada wis gutul njero ngumah. Terus pada weruh nek Dewi ya ana neng kono. Dadi siki rong keluarga pada ngumpul.

Tarno njagong neng kursi. Siti marani, “Mas, detambani nggih. Niki pun kula tumbasaken tamba bubuk.” Isi kapsul pancen wis desuntek neng lepek. Siti langsung bae ndodok neng ngarepe Tarno terus nyandak clanane garep deplorodna.

“Ish, ngko disit, isin toli, ana Dewi.”

“Laa mboten usah isin-isin. Wong anu robot be koh.” Sruud katoke Tarno mlorod. Tarnone nggembor iaaaaooow, akon Siti kon alon2. Basan wis ngglondeng, bubuk tetra pitik terus deuwur-uwurna ming nggon sing mleceh. Neng gendhel nduwur, perbatesan antara endas kaji kambi setang dongkrak.

Mbasan wis cukup deuwur, Siti ngomong kon aja katokan ndisit. Tunggu antarane seprapat jam. Ngiras-ngirus Siti ming ndapur metu maning nggawa mangkok isi semuran sing ketone mengini pisan.

“Na kalih desambi dahar kriyin, Mas. Niki nggih tamba, supados awak mboten nggreges lan mlecehe enggal garing.”

“Apa si kuwe, Sit?”

“Kicik semur.”

“Iwak apa? Kebo? Sapi?”

“Anu kikil kidang niki, Mas. Mbak Dewi desukani tiyang.”

Tarno wong pancen ya kencot langsung bae nyruput karo njambal iwake. Krasa kinel-kinel. “Enak temen ya, kikil kidang. Mbak Dewi, asring-asring laa mbeto kikil kidang. Kula seneng niki..”

“Enggiih.. gampil mangke. Menawi remen tek pados malih. Ampun kuwatir kathah ikih.” Dewi nyauri.

“Anu kikil kidang temenan apa kuwe?” Rohman ngrisiki bojone.

“Sanes, Mas. Anu menu Ellyas Pical niku.” Dewi mbales ngrisiki sing lanang. Rohman langsung tanggap. Sebabe wong loro pancen wis nduwe istilah khusus menawane iwak ula kuwe menune Ellyas Pical. Sebabe jere Rohman, petinju dunia sing nek garep tarung kudu mangan iwak ula ndingin kuwe Ellyas Pical tok. Muhamad Ali bae ora.

Rohman terus ngomong ming Tarno, “Deentongna, No. Men awake seger kuwat. Ora nggreges maning. Gye, ngonoh pada dekepenak yaa, nyong tek bali ndingin. Yuh, Wi, bali ndingin laa, kon pada ngaso kuwe wong loro.”

“Nggoh.., mpun nggeh Mas Tarno, kulo tek wangsul kriyin. Yuh Sit, nyong bali ndingin. Kuwe Mas-e deomongi kon aso bae. Sabar. Ora kethungul ngode ngko, anu labuh terus.”

Rohman karo Dewi lunga. Gari Tarno karo bojone loroan. Ketone kasiyate bubuk tetra kambi semur ula dumung sendok pancen jan cespleng. Buktine langka setengah jam, perihe wis langsung ilang babar blas. Awak juga balik fit maning kaya ora tau nggreges maune.

“Sit, deneng awake nyong wis waras nggoras kye yaa. Titite ya wis ora perih mening.”

“Nggih enggih laa, wong tambane manjur pisan kooh..” Siti nyauri manja manis pisan kambi nglendot.

“Denggo apa yuuh..” Tarno wis klalen penderitaane pirang jam miki.

“Esh, mboten. Ampun. Ampun kriyin, Mas. Ngemben paling mboten, tembe pareng dengge melih.”

“Laaa, suwe temen si deneng ngembeeen..”

CERPEN: Tetralogi Siti (Jilid 1)




(Ora kena dewaca bocah sing tembe sepit apa tembe men. Apa maning sing urung sepit apa urung men)
 
” S I T I ”
 Karangane Jikin Favorit

 
Kesirihan si ora, tapi Tarno mung gumun ora uwis2 neng mbatin. Ingatase pada2 tukang becak koh enggane Rohman teyeng duwe bojo ayu pisan. Jan ayune kuwe, ora mung ujare Tarno thok, sekelas kambi Tamara. Najan tukang becak tapi Tarno ya weruh endi sing arane Tamara.

Tarno dewek seprana-sprene urung mbojo mangka ya umure wis kepetung tuwa. Wong rambute wis ana sing putih si. Tapi ya Tarno janen paham. Kayangapa pahale tukang becak. Tetep cewe ya kepriwe2 mikir nek garep dearah bojo neng bangsa tukang becak. Emut kaya kuwe Tarno sidane ya nrima bae. Mung tetep nyuwun kambi Sing Gawe Urip supayane gutul mangsane ngko ya teyeng deparingi sing arane bojo. Sukur2 teyeng sing kaya bojone Rohman.

Tarno bala pisan kambi Rohman. Mulane Tarno anu wateke ciami dadi deweke ora kakeyan cocot soal bojone Rohman. Ora kaya wong liya pada sing ngerti Rohman duwe bojo mlowes terus pada ngrasani mbuh ora. Ana sing jere Rohman main pelet, trus jere maning kuwe wong wadon anu kenthir dadi ora teyeng mbedakna endi tukang becak endi pegawe Pemda, pokoke rupa2 cocote ngewong. Rohmane ya ngerti angger nggo rasanan ngewong, tapi ketonne cuwek baen. Belih. Bodhoa. Sing penting ora laku colong jukut, mbatine Rohman.

Tarno lan Rohman pada2 wong sing atine apik. Jujur. Kelakuane ya lumrah. Mbejud-e ya udud karo nek ana rejeki lewih ya paling rekreasi njamu nginum anggur.

Pada suatu hari pas wong loro agi pada nginum anggur, sebotol nggo barengan, Tarno ora teyeng nahan takon2 bab Dewi. Bojone Rohman jenenge Dewi. Kuwe wong pada sirahe wis mandan entheng kenang anggur.

”Man, Dewi siy aran dawane sapa?” Tarno takon kambi ndelengna sawah nyerot Djarum Super.

”Dewi? Aran dawane Putri Citra Ayu Dewi.” Rohman gole nyauti aso.

Tarno mlongo kaya anu ora ngandel, ”Apah? Sapa kuwe miki?”

”Ya kuwe. Putri Citra Ayu Dewi. ”

”Syettt, jenengan wong papat deneng, yaa? ”

”Apik, mbok? ”

Tarno manggut2. Wong loro pada meneng sedhela, sedurunge takon maning. ”Dewi anu wong ngendi si, Man?”

Rohman nyekikik. ”Nangapa si takon2? ”

Tarno mandan isin, ”Ora lho, Man. Ee, mbok, ana batire sing teksi prei urung debojo ngewong, lhoo. Thukna inyong apa priwe...”

Rohman ngguyu maning. ”Gyeh, No, ko kuwe balaku ‘du?”

”Jelas ya, Man. Neng dunya kiye mung ko thok balaku. Inyong langka sapa2 maning. Wong tuwa langka, sedulur ya langka.”

”Kaya kiye, No, merga ko balaku, inyong siki garep waleh maring ko masalah Dewi.”

Tarno dadi mandan ora kepenak, ”Nek ko sungkan, ora usah deomongna ya ora papa, Man. Crita liyane baen.”

”Ora kaya kuwe, No, kiye hubungane kambi ko gelem ora duwe bojo sing kaya bojoku.”

Krungu omongane Rohman, Tarno dadi bregas, ”Priwe ’jal?”

”Kaya kiye, No. Dewi kuwe asline udu bangsa menungsa kaya dewek.”

Tarno sekal njimprak kaget pisan. Pikirane langsung maring bangsa demit kunthi. ”Sett, Man! Ngko dhisit! Medeni temen kuwe?? Dewi anu kunthi apa??”

Rohman ngakak, ”Udu, No! Udu! Dewi kuwe anu robot. Anu mesin. Nek ko gelem duwe bojo robot ngko jajal tek jalukna kambi sing aweh ming nyong.”

“Robot?? Deneng robot? Wong anu wujud banget menungsa koh?”

”Genah sing aweh kiye bae anu wong2 pinter pisan. Udu wong kaya bangsane dewek. Kiye wong sekang planet luar.”

”Bisane ko gathuk karo wong planet luar?”

”Lah nyong bae ya ora ngira. Wong anu nyong agi iseng tapa ngebleng sedina sewengi neng Srandil malah detekani kae padha. Ujarku pertamane dewa koh. Priwe? Gelem pora? Ngko dela mening nyong garep ming Srandil. Sisan ngko tek jalukna.”

Mandan ngandel mandan ora Tarno moni gelem.

Rong minggu sewise omong2an nginum anggur, Tarno kepethukan Rohman. Tarno wis klalen bab penawarane Rohman soal robot bojo. Soale anggepane Tarno, Rohman mung anu ngawur nylimur nggo ngumpetna identitase bojone.

“No, nyong wis aring Srandil. Wis tek jalukna. Kana setuju. Kana wis paham sapa sing aranne Tarno. Kowe anu wonge apik jere, dadine hak teyeng duwe robot kaya sing duweke inyong.”

Tarno ngakak, ”Tai la, Man. Usah ngece, ko. Ngko nyong ya suwe2 mbojo. Mawi robot2an.”

Rohman gole ngomong terus serius, ”Ora, kiye temenan. Enteni rong minggu maning teka barange. Eh, garep dejenengi sapa kiye robote?”

”Alaa, mbuh la.”

”Oooo, domongi bener2 koh.” Pas kuwe ana sing wong nyeluk Tarno garep mbecak, dadi Tarno terus lunga narik.

Kurang lewih rong minggu sewise, wengi2 antarane jam setengah siji, pas Tarno agi nonton bal neng tv, lawang ana sing ndhodhog. ”No.., Tarno.., inyong kyeh. Ko urung turu, mbok? Bukak, gelis.”



Tarno menyat, ngerti anu sing teka Rohman. Mung rasane ko mandan ora tau2ne teka ming umaeh. Lawang debukakna, ”Ana apa, Man?” Tarno weruh Rohman ora dewekan. Rohman kambi cewe. Cewe sing bagine Tarno ayune kaya setan. Dadi kuwe rupane lewih ayu nimbang Dina Lorenza tur awake seksine por. Nganggo klambine daster batik, nggawa koper cilik.

Basan lawang debukak, Rohman kambi cewe sing degawa langsung bae bludhus mlebung umah. “Gelis, gelis mlebu. Mbok ana wong weruh.” Rohman moni kaya kuwe kambi gagiyan nutup lawang.

Neng njero umah teksi kambi menggeh2 wong tekane nggenjot becak, Rohman ngomongi Tarno, “Kiye, No, wis dewehi sing sesuai kambi karepe ko.” Mengo maring cewe sing degawa, Rohman ngomong, “Ayo kenalan kuwe kambi Mas Tarno, bojomu.”

Cewene ngguyu. Mat pisan gole ngguyu, terus nyalami Tarno, “Mas Tarno, kulo Siti. Bojone njenengan.”

Kambi mlongo Tarno nampa salamane Siti, “Enggih, kulo Tarno.”

Rohman gagiyan motong, “Hiss ora susah basa karo bojo, No. Ngomong biasa bae. Gyeh wis siki salaman uwis. Kuwe carane ijab. Siki Siti wis dadi bojone ko. Jajal deprentah si ngonoh.”

Tarno sedela nyengir sedela mrengut, bingung. Tapi suwe2 ya mandan paham. “Ya wis. Sit, gawe kopi dong.”

Sitine kedhep2 apik banget, “Kopi dong si kopi nopo, Mas? Kulo deprograme damel kopi nggih kopi giling, napa kopi Kapal Api, napa kopi ABC Susu, Coffee Mix. Kopi dong kulo mboten paham.”

Rohman motong maning, ”Ko gole ngomong usah decampur-campur ya, No. Ngomong sing jelas.”

Tarno cengengas-cengenges seneng kaya bada. ”Kae Sit, kopi ABC Susu. Neng ndapur akeh kae, rentengan. Banyu nggodhog dhisit tapi ya.”

”Inggih, Mas.” Sitine langsung bae aring ndapur.

Siti lagi repot neng ndapur, Tarno takon ming Rohman, ”Kuwe robot, ngopi juga ora, Man?”

”Eh, ya ora koh. Ora nginum ora madhang.” Rohman mbukak koper cilik sing decangking Siti miki. ”Kye, No, delengna. Kiye cas-casane.” Bentuke ireng kaya cas-casan hape mung lewih gede. Gedene kurang lewih rong bata detumpuk. Karo nglolor kabel, ”Sing kiye ming listrik. Tenang listrike ora gedhe, No. Sing kiye tanjlebna ming Siti. Tanjlebane neng silit. Dadi angger ngecas teyeng dejagongna apa turu miring. Saben ndina kudu decas paling ora telung jam. Dadi apike ya wengi jam turu. Ngko ketera, No, nek batrene wis ngedrop, Siti mesti angob bae. Ko mesti tanggap. Nek wis angob ping pindo ko urung ngecas, Siti angob sepisan maning kambi moni ‘ooaahem’. Nek wis kaya kuwe ko urung ngecas bae, Siti langsung semaput. Gluthak neng endi bae nggone. Lha kiye sing bahaya, marase mbok anu agi masak, ngedrop, ko agi narik apa ngapa. Teyeng tiba maring kompor, umaeh kobar. Siti melu kobar. Tapi ya, asal ko tertib amben wengi decas, ya aman.”

Tarno mandeng Rohman kambi nyengir saru, “Eh, Man..?”

”Apa?? Teyeng dekithuli?? Teyeng, No. Teyeng! Gurih pisan najan anu tempe robot. Ngungkuli tempe menungsa gurieh. Palah kiye nggonmu lewih canggih timbang nggonku. Siti teyeng kringeten. Nek Dewi kuwe kurange, ora teyeng metu keringet. Tambah ngacengi mbokan, wong wadon kringeten? Terus, angger bar dekithuli biasane langsung angob. Batrene ngedrop. Gagian decas.”

”Decas karo kithul teyeng pora? Angger hape kae toli teyeng, decas karo nggo telpun.”

“Jane ya teyeng, tapi ya angel mbok. Tanjlebane siy. Depeksa ya bisa, mung angger gijilmu ketubles ya rasakna dewek.”

”Tapi jenenge deneng Siti, yaa. Nggonmu jenenge apik, Dewi. Kurang gaul lah, masa enggane Siti.”

”Lha ko pas kae tek takoni, garep dejenengna sapa, ko palah kliyus lunga narik.”

”Ujarku ko anu nggleweh koh, Man.”

”Lha ya uwis. Karo sing nggawe ya dejenengi Siti, ngarah gampange. La, jeneng anu ora penting, No. Sing penting gengsote lho..” Rohman jogetan ngledek kambi nyengir. ”O iya, kuwe Siti ya wis deprogram pinter pisan. Teyeng faseh ngomong Inggris, Perancis, Spanyol, Portugis, Rusia, Cina, karo Jepang. Njoget ya teyeng njoget apa bae. Nembang juga. Mulane ngko ko tuku gitar, dadi angger umah sepi kon nggitar bae karo nembang. Mat pisan, asli!”

Tarno jan bungah pisan atine. Mbayangna siki wis nduwe bojo sing luar biasa.

“O iya, No, ngko nek duwe duwit, Siti dewehi. Pira2 kena. Nggo tuku klambine deweke lho. Masa klambi kuwe terus si. Ngko deweke teyeng nyukupna duwit sing dewehi ko men olih klambi sing babak karo jumlah duite. Pokoke saben ko aweh duwit kudu deomongna nggo ngapa. Angger nggo becer ya ngomong nggo becer. Angger nggo tuku apa liyane ya ngomong bae.”

Siti metu nggawa kopi rong gelas. Bar ngesog kopi Siti maring kamar. Koper isi cas2an degawa.

Kambi nyruputi kopi Rohman ngomong maning, ”Setelan pabrike, Siti teyeng ngecas dewek sedurunge angob. Tapi apike mode ngecas dewek depateni bae. Dadine ko bae sing ngecas. Soale ngko angger mode ngecas dewek urip, Siti saben metu ngumah mesti nggawa koper-e. Ora lucu, mbok. Masa angger ming warung bae nggawa koper.”

”Nyetel2e neng endi?”

”Kae neng koper miki ana buku petunjuke sisan koh. Bahasa Indonesia. Ko pesti teyeng paham. Ora angel ora.”

Kopine Rohman dela bae entong. ”Ya wis, No, nyong bali dhingin ya. Selamat menikmati bojo la. Sante bae aja kegothoten. Wektune nggone ko kabeh ikih.” Rohman lunga bali.

Tarno mlebu ming kamar. Siti agi turon miring mesem manis pisan ming Tarno. Sekang gom2an silite keton kabel nglawer maring cas2an.

Tarno munggah amben. Turon madhep ming Siti. Wong loro pandeng2an. Tangane Tarno ngelus pundake Siti. Tarno mbatin, jiaaaan.. ora beda kulit awak menungsa. Tur ambune wangi enak. Ora kaya wangi kunthi. Tapi wangi sing ngacengi.

Siti takon ming Tarno, “Bade kithul nopo, Mas?”

“Oh ora, Sit. Ngecas disit bae ko ngonoh. Ngko subuh bae ya, nek ko wis penuh batrene.”

“Monggo mawon, Mas. Kapan Mas Tarno kerso, kulo purun.”