Jumat, 14 Agustus 2015

L E M A R I

Miswan sing laire kemis awan pawakanne ireng gedhe dhuwur ngode satpam jaga malem neng gudang elpiji. Lha ndilalah sawijining ndina ana satpam sing melu nginep neng pos dadi Miswan jam 3 esuk pamit bali perlune arep aweh kejutan maring bojone.

Dog gutul ngumah mlebung kamar Miswan kaget weruh bojone keweden ora klamben terus ambene bosah baseh kaya bar denggo main. Miswan langsung mencolot metu niliki lawang mburi mlongo, debukak, neng njaba ana wong lanang lagi ubres nganggo klambi celana. Miswan sekal emosi, mlebu ngumah lemari deangkat degotong metu debalangna maring wong neng njaba sing agi klamben miki. Gedubragg! Wonge tiba kekhantem lemari mung untunge teyeng menyat terus mlayu.

Miswan sambat lara pisan gigire terus maring dokteran. "Pak Dokter, niki kula gigire lara pisan merga kula mbopong lemantun awrat  teras kula balangaken . Urate sami ketarik napa nggeh?"

Mbasan rampung mriksa doktere moni, "Iya kiye mas, urate kaget dadi salah urat neng pirang-pirang nggon. Gampang, tek urut sedela, tek gawekna resep ngko terus nggo ngaso." Bar deurut trus tampa resep, Miswan lunga.

Pasien urutan sewise Miswan mlebu. Wong lanang sambat gigire lara pisan. "Kula wau kerainan, Pak Dokter. Lha pas kula saweg kesusu ajeng pangkat ngode kowh ijig-ijig brugg! Kula ketiban lemantun pas teng gigir." Doktere manggut-manggut weruh neng gigire wong kuwe ana mlemeng biru amba. Sewise tampa resep wong kuwe lunga.

Pasien berikute, Endro. Endro sambat ming dokter lamona gigire lara pisan. Doktere moni, "Anu gara-gara lemari apa?" Endro kaget, "Lho? Deneng njenengan ngertos? Niki wau subuh kula kan jonjang umpet kalih anak lanang. Lha kula umpetan teng nglebet lemantun. Mboten let dangu kowh lemantunipun oyag-oyag teras kontal mumbul inggil sanget dugi margi..."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar