Antarane taun rongewu nang Bantul, aku nyambut gawe ono ing produksi furnitur. Nang nggon gaweyan kuwi aku nduwe konco sopir jenenge Totok. Totok matane sipit wulune akeh senenge gojekan. Sing paling tak elingi gandeng cenenge karo Totok iki, deknen tau nggowo mayit nganggo kijang sewan seko Jawa Timur wetan tekan Bantul.
Critane ngene. Ono bocah melu nyambut gawe ngamplas nang nggonku jenenge Lilik. Sawijining ndino Lilik ora teko. Sesuke ora. Sesuke meneh yo ora. Ngasi aku krungu kabar menowo Lilik minggat mergo gegeran karo wong tuwane. Ora suwe meneh teko kabar layu yen Lilik mati klelep nang kali nang daerah Jember.
Mburu cekak, sing dikarepake kabeh sanak kadange, almarhum dikubur nang Bantul wae. Nanging kabeh banjur kukur-kukur sirah ora gatel naliko weruh ragade kanggo mboyong jenazah seko Jatim tekan Bantul sing ora sethihik. Wis katon yen sing paling larang kuwi kanggo sewo ambulan. Perlu duwit sithike limang yuto kanggo ambulan-e thok.
Naliko wong dho piya-piye, Totok mutusi, "Wis endi kene karotengah yuto, Lilik tak gawane mulih!" Wong wong podho lego, amargo isih keconggah yen mung kudu nganakake duwit karotengah yuto.
Bareng wis nyekel duwit, Totok banjur nyewo kijang nang nggone Kresna diterusake lungo blonjo kloso, rafia, karo plastik, perlune kanggo mbuntel Lilik. Pepak olehe blonjo, Totok dikancani wong loro bradat mangkat menyang Jawa Timur.
Telung ndino Totok ora mlebu. Naliko deknen wis mlebu maneh, gasik tak parani. "Piye, Tok? Lancar to? Nggawane mayit?"
Karo prengas-prenges Totok manthuk, "Ndilalah ra ono alangan blas, Pak. Mik mayit ki mambu tenan yo, Pak, ora kuwi konco dewe."
"Ha yo cetho, opo maneh wis sak wetoro to.."
Totok muni meneh, "Tur Lilik saiki sombong. Sak ndalan-ndalan dijak crito ki mik meneng wae, Pak."
"Woo, kowe ki nyat asu.."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar