Malem jemuah Surat kliyus ming warung jamune Kirno.
"Anggur, No. Separo gelas baen." Put srapat
sruput, entong.
"Jog, Rat?" Kirno takon.
"Ngko 'dela." Surat ngetokna hape, dideleng
sedela terus moni, "Ya, No. Jog." Kirno ngejogi anggur separo gelas
maning.
Begitu entong, Kirno tawa jog maning. Pada kaya
sedurunge, Surat niliki hape disit sedurunge moni iya. Kaya kuwe terus ngasi
ping bola bali jog.
Akhire Kirno ora tahan, takon, "Deneng niliki hape
dingin siy, Rat? Sedurunge jog?"
"Iya kye, No. Ndeleng fotone bojoku. Nek wis keton
mandan ayu, nyong bali."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar